Rabu, Mei 18

ANDHARAN ASAL-USULING NGELMU 2


Sareng dumugi jaman ing Mataram, Panjenenganipun Nata ingkang sinuwun Kanjeng Sultan Agung Prabu Hanyakra Kusuma, wejangan ingkang wolung pangkat wau, karsa kalimpun dalah prabotanipun pisan, supados matamado ing suraosipun sedaya, punika lajeng kababaraken dados wejangan satunggal kemawon, sesampunipun mupakat kaliyan kawruhipun para ahli ngelmu, karsa dalem lajeng amatah ingkang kalilan miridaken wewejangan makaten wau, inggih punika :
1.      Panembahan Purubaya
2.      Panembahan Ratu pekik
3.      Panembahan Juru Kithing
4.      Panembahan Juminah
5.      Pangeran kadilangu
6.      Pangeran Kudus
7.      Pangeran Tembayat
8.      Pangeran Kajoran
9.      Pangeran wongga
Menggah wejangan ingkang sampun dados satunggal wae, sami asal saking nunukilan bangsanipun Kitab Tasyawub sedaya, urutipun satunggal-satunggal asesandhan daliling ngelmu minangka pitedah anggenipun amratelaken pangandhikanipun pangeran ingkang maha suci dhateng kanjeng Nabi Mussa kalamollah : “ MANAWI MANUNGSA PUNIKA TAKANIPUN DZAT KANG ASIPAT ESA”, makaten wae ingkang sami kawedharaken dados witing ngelmu Makripat.

Dados wewiridanipun para Nabi, para Wali ing jaman kina, lajeng dipun kiyas dening para pandhita, dados bebukanipun wejangan piyambak-piyambak, sareng dados satunggal, saking kersa dalem ingkang sinuwun kanjeng Sultan Agung Prabu Hanyakra Kusuma ing Mataram, punika mupakatipun suraosing Ngelmu Makripat, ingkang kedah kawejangaken sedaya.
            Wekasanipun ngalami-lami wewejangan wae punika kewejangaken malih nanging dados sanes-sanes suraosipun ing pangawikan, amargi saking kathahipun para wicaksana ingkang dados guru, sami ambabaraken wewiridanipun piyambak-piyambak, wonten ingkang miridaken praboting ngelmu Makripat kemawon, malah terkadang wonten ingkang medharaken ngelmu “TALEK” kaliyan ngelmu “PATAH” lan bangsanipun ngelmu sosorogan sedaya.
            Mila salajengangipun dipun persudi malih dhateng Kyai Ageng Muhammad Sirullah ing kadungkol, mawi tinengeran ing tahun punika “RONGGO NGGAWARGA SINUTA, LEBETING ALIEP GALALAYA”. ingkang kedhawahan ilhamrinilan dening Pangeran Ingkang Maha Suci, anata urut-urutan patrap ngelmu Makripat, sarta andunungaken ing murad maksudipun pisan, nurut wejangan ingkang wolung perkawis, kakumpulaken dados satunggal, jangkep sak prabotipun pisan.
            Dene wewiridan punika ingkang wiwitan dados ageman sampeyan Dalem Kanjeng Susuhunan Paku Buwono Ingkang Kaping VII ing Negari surakarta Hadiningrat, lan wiridan putra wayah tedhak turunipun wiwit tahun 1850, tilaranipun Pujangga Agung Raden Ngabei Ranggawarsita. Ingkang dados bebaring wejangan pitedah dununging Ngelmu Makripat ingkang kedah kawejangaken.
            Dene ingkang kawejangaken, nurut pamejangipun para Wali ing tanah Jawi, kakumpulaken dados satunggalm wiyosipun mendhet wijining kiyasan saking dalil pangakaning Allah, ingkang kasebut ing dalem khadis pangandikanipun Kanjeng Nabi Muhamad Rosulullah, dhateng syayidina ‘Ali, ingkang kawisikaken ing talingan kiwa, pepangkatanipun dados wolung wejangan, ingkang kapretelaken kados ing ngandhap punika jarwanipun sedaya:

·         WISIKAN ANANING DZAT:
Sejatine ora ana apa-apa, awit dhuk maksih awang uwung, durung ana sawiji-wiji, kang ana dhingin Ingsun, ora ana pangeran amung ingsun, sejati Dzat Kang Maha Suci, angliputi ing sipat Ingsun anartani ing Asmaningsun, amrat andhani ing Apngal Ingsun.
·         WEDHARAN WAHANANING DZAT
Sejatine ingsung Dzat kang amurba Amisesa kang Kuwasa anitahaken wiji-wiji, dadi padha sanalika sampurna ingsun, ing kana wus kanyatan lan pratanda Apngalingsun, minangka bebukaning irodat ingsun, kang dhingin ingsun anitahake kayu aran sajeratul Yakin, tumuwuh ana ing sajroning Ngelmu Ngadam Makdum Ajali Abadi, nuli cahya aran nur muhammad, nuli kaca aran Mi’ratul khaya’i, nuli nyawa aran Rohilapi, nuli damar aran khandhil, nuli sesotya arah darah, nuli dhindhing jalal aran kijab, kang minangka wara naning kalarat Ingsun.
·         GELARAN KAHANANING DZAT:
Sejatine manungsa iku rahsaningsun, lan ingsun iku rahsaningmanungsa, karana ingsun anitahake Adam saka ing anasir patang perkara, Bumi, Geni, Angin, Banyu iku dadi kawujudaning sipat Ingsun, ingkang ingsun panjingi mudharah limang perkara: Nur,Rahsa, Roh, Akal, Budi, yaiku minangka warenening wajah Ingsun Kang Maha Suci.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar