Rabu, Mei 18

ANDHARAN ASAL-USULING NGELMU

ANDHARAN ASAL-USULING NGELMU :
Ingkang kaserat ing salebeting kita punika inggih sejatosipun sedaya wewiridanipun para waliyullah ing tanah jawi. Ingkang kasebat Ilmu Makripat. Dene asal-usulipun sedaya wewiridan ingkang kasebat babaring ngelmu Makripat punika wau sedaya wewiridanipun ngarsa dalem Kanjeng Susuhunan Ngampel Denta, ingkang ing nalika jaman semanten kawejangaken dhumateng sedaya waliyullah ing tanah Jawi.
Sesampunipun Kanjeng Susuhunan Ngampel Denta kepundhut kondur wonten ngarsa Dalem Ghusti Ingkang Maha Kuwasa. Para wali karsa amejang aken suraosing ngelmu Makripat saha ngelmu Kasampurnan; para wali ingkang amejangaken ngelmu punika namung 8, sugengipun para Wali Ngelmu punika kawejangaken ngantos tigang rambahan. Ingkang sepisan, nalika awalipun negeri Demak, para wali ingkang amejangaken ngelmu punika 8, inggih punika:
1. Kanjeng Susuhan ing Giri Kedhaton,
Wewejanganipun Wisikan Adining Dzat.
2. Kanjeng Susuhunan Tandhes,
Wewejanganipun Wedharan wahananing Dzat.
3. Kanjeng Susuhanan Majagung,
Wewejanganipun Anggelar Kahananing Dzat.
4. Kanjeng Susuhanan Bonang,
Wewejanganipun Pambukaning tata maligi ing ndalem Betal Makmur.
5. Kanjeng Susuhunan Wuryawapada,
Wewejanganipun Pambukaning Tata Maligi ing ndalem betal Betal Mukharam.
6. Kanjeng Susuhunan Gunungjati,
Wewejanganipun Panetap Santosaning Iman.
7. Kanjeng Susuhunan Gunungjati.
Kanjeng Susuhunan Pambukaning tata maligi ing Dalem Betal Mukharam.
8. Kanjeng Susuhunan Kajenar,
Wewejanganipun Sasahidan.
Ingkang kiaping kalih, sak angkatan malih ing akhiripun negari Demak dumugi ing negari Pajang, para wali ingkang karsa mejang inggih 8, inggih punika;
1. Kanjeng Susuhunan Giri Parapen,
Wewejanganipun wisikan Ananing Dzat.
2. Kanjeng Susuhununan drajat,
Wewejanganipun wadharan wahananing Dzat.
3. Kanjeng Susuhunan ngatas angin,
Wewejanganipun Anggelar Kahananing Dzat.
4. Kanjeng Susuhunan Kalijaga,
Wewejanganipun Pambukaning tata maligi ing ndalem Betal Makmur, lajeng a, babar sagugunging ingkang dados prabotipun, amatrapaken panjenenganipun dzat sedaya, nanging dereng urut ing patrappanggenanipun satunggal-satunggal.
5. Kanjeng Susuhunan Tambayat,
Kalilan dening Guru Kanjeng Susuhunan Kalijaga, amiridaken wewejanganipun Pambukaning tata Maligi ing Ndalem Betal Makmur.
6. Kanjeng Susuhunan Kalinyamat,
wewejanganipun pambukaning tata Maligi ing dalem Betal Mukharam.
7. Kanjeng Susuhunan Gunungjati,
Wewejanganipun Panetep Santosaning Iman.
8. Kanjeng Susuhunan Kajenar,
Wewejanganipun Sasahidan.

Ingkang kaping tiga sak angkatan malih, kala jaman akhiripun negari Demak dumugi Pajang, para wali ingkang karsa mejang inggih 8, inggih punika:
1. Kanjeng Susuhunan Parapen,
Wewejanganipun Wisikan Ananing Dzat.
2. Kanjeng Susuhunan Darajat,
Wewejanganipun Wedharan Ananing Dzat.
3. Kanjeng Susuhunan Ngatasangin,
Wewejanganipun gelaran Ananing Dzat.
4. Kanjeng Susuhunan Kalijaga,
Wewejanganipun Pambukaning Tata Maligi ing ndalem Betal Makmur, lajeng ambabar ingkang dados prabotanipun, amatrapaken panjenenganing Dzat sedaya, ananing dereng urut ing patraping panggenanipun satunggal-satunggal.
5. Kanjeng Susuhunan Tembayat,
Kalilan dening guru Kanjeng Susuhunan Kalijaga, amiridaken wewejanganipun pambukaning Tata Maligi ing ndalem betal Mukharam.
6. Kanjeng Susuhunan Padusan,
Wewejanganipun Pambukaning Tata Maligi ing nDalem Betal Mukharam.
7. Kanjeng Susuhunan Kudus,
Wewejanganipun Panetep Santosaning Iman
8. Kanjeng Susuhunan Geseng,
Wewejanganipun Sasahidan.
Dene wejangan kasebut nginggil punika, suraosipun inggih nunggil kemawon, amargi sami wewiridan saking Panjenenganipun Kanjeng Susuhunan Ngampel Denta Sedaya.