Selasa, Mei 31

WEJANGAN 10


PITAKON KANG KETEMU SAJRONING NGUDI ILMU MAKRIPAT LAN KASAMPURNAAN:
1.      Mas kawine Allah lan Muhammad.
2.      Aras lan kursi.
3.      Rina lan wengi.
4.      Lintang lan ngelmu.
5.      Rembulane lan srengenge.
6.      Lanang lan wadon
7.      Bumi lan langit
8.      Suwarga lan Naraka.

JAWABANE PITAKON MAU MANGKENE:
1.      Allah lan Muhammad, patemone Rasulullah kalawan urip ira tunggal rahsane.
2.      Aras lan kursi, patemone rahsa sejati lan Cahya Muhammad.
3.      Rina lan wengi, patemone irenge mpripat lan putihing mpripat RUKYAT iku kawula Gusti, patemone campuring Rahsa.
4.      Lintang lan ngelmu, patemone aran MUNAJAR, yaiku ciptanira kang ana ing sanubari kang sanyata osik kang temen.
5.      Rembulan lan srengenge, patemone SUNGSUM lan Nur BAYU lan balung kumpuling rahsa.
6.      Lanang lan wadon, patemone badan lan nyawa iman tunggale.
7.      Bumi lan langit, patemone utek lan sirullah.
8.      Suwarga lan naraka, patemone napsu lan budine, lelakon dalan kang becik. Lan kang ala, ana ing kene wetune.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar