Senin, Mei 23

WEJANGAN 8


MARTABAT BANYU SATETES DADI 12 PERKARA:
1.      Banyu batin dadi rupa.
2.      Banyu langit dadi napas.
3.      Banyu cahya dadi urip.
4.      Banyu widayat dadi swara.
5.      Banyu khad dadi panguwasa.
6.      Banyu madi dadi budi.
7.      Banyu mukinah dadi pangucap.
8.      Banyu maniyah dadi pangrungu.
9.      Banyu maningkem dadi paningal.
10.  Banyu iradat dadi rasa.
11.  Banyu musna dadi cahya.
12.  Banyu musaka dadi keketeg.


LUNGGUHE SUKMA KANG ANA ING BADAN:
1.      Mannik kastuba lungguhe ana ing lak-lakan.
2.      Mannik tala lungguhe ana ing mannik.
3.      Mannik wijil lungguhe ana ing salira.
4.      Mannik lugutjati lungguhe ana ing salira.
5.      Mannik sang murjati lungguhe ana ing utek.
6.      Mannik sang purwajati lungguhe anaing napsu.
7.      Mannik sang taljati lungguhe ana ing daging.
8.      Mannik sang lunggu buwana lungguhe ana ing otot.
9.      Mannik sang lirmaya lungguhe ana ing otot.
10.  Sang burak lungguhe ana ing ikut.
11.  Sang sukma mulya lungguhe ana ing getih.
12.  Sang gukma wisesa lungguhe ana ing sikil.
13.  Sang sukma purba lungguhe ana ing tangan.
14.  Sang sukma edimulya lungguhe lungguhe ana ing planangan.
15.  Sang sukma kembar lungguhe ana ing gantungan.
16.  Sang sukma liyep lungguhe ana ing nala.
17.  Sang sukma adimulya lungguhe ana ing ampera
18.  Sang sukma ragajati lungguhe ana ing jaja.
19.  Sang sukma kurasjati lungguhe ana ing wulu-wulu
20.  Sang pes buwana lungguhe ana ing puser
21.  Sang sukma kuru lungguhe ana ing rambut (idep)

Ing sajroning swara ana urip, kang sejatine ening, ing sajroning swara iku rupa, wong wus makripat sajerone munamuni, iku panengerane, iku bala kencana, ing sajroning iku den emong dening manuk 5, saparan-parane deututake utawa angon lakune, manuk ireng, manuk ijo, manuk kuning, manuk putih, manuk dewata kang ana tengah.
1.      Pencokane aneng pusuh, dhikire HU ALLAH HU.
2.      Pencokane aneng limpa, dhikire YA MUHAMMAD.
3.      Pencokane aneng jantung, dhikire YA RASULULLAH.
4.      Pencokane aneng tengahing manuk dewata, yaiku dhinding jalal, allip iku kurungane, sejatine Allip iku sire.

Mulane ana kitab nahwu, pekih, saka ananira, saka sukma, kang kasebut iku kabeh, mulane ana aksara Allip iku saka urip, alam iku kabeh ana ing manungsa, iki pituture kita tafsir, mulane padha kaweruhana, kang dadi wiwitan iku Allip, asal saka irung, balunge irung iku dadi BA, tangan loro iku dadi JIM KHA, epek epek loro iku dadi KHO lan Dzal, rambut sirah iku dadi Dzal Ro Za, sirah kiwa tengen SIN SHA. Bokong kiwa tengen SHOT DZOT, geger TO DZO, pupu loro NGAIN, pupu ngarep mburi KAP, kulit KOP, daging LAM ALLIP YA anggitan, dadi awak, LAM NUN ula-ula, Ha sungsume tlapakan.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar