SASTRA JENDRA HAYUNINGRAT PANGRUWATING DIYU.
.........................................................................................................................................
PANGERTOSANIPUN MEKATEN:
Sastra : Empaning kaweruh, jendra saking pangerbaning tembung harya endra = Ratu = dewa, Hayu= wilujeng = ayu =sae, rat: jagad =enggen = badan, suraosipun inggih punika: “Mustikaning kawruh ingkang kuwasa amartani ing karahayon saha katentraman lan sapanunggalanipun, dene tegesipun Pambirating utawi pangruwating diyu : inggih anglebur diyu, dene diyu punika danawa = raseksa = asura = pasemoning tembung sedaya piawon ingkang cumondhok wonten jiwa angga, sedaya pakarti kamurkan, durjana, durmala, sedaya makartining manah ingkang awon.
Mengku suraos amastani ingkang saged anyirnakaken sadya makartining piawon, ingkang saged nampi kanugrahaning Ghusti ingkang amengku jagad raya punika.
.........................................................................................................................................
SUMPAH:
Tujuanipun kita ngudi kaweruh sastra jendra hayuningrat pambirating Diyu / pangruwating diyu, inggih punika:
- Ngudi kateguhaning badan.
- Ngudi kaweruh kang manunggal dhateng sarira pribadi.
- Sokong pamuji dhateng adeging pamarintah saha njaga katentremaning nagari.
......................................................................................................................................................
L a m p a h a n i p u n:
1. Jujur.
2. Leksana ing budi, senenga tetulung maring wong kang nandhang papa cintraka.
3. Wani nandhang papa.
4. Wani dadi kembang pocapaning liyan.
5. Mituhu dhateng sarira pribadi.
6. Wani dhateng kasutapan
7. Sedaya punika ingkang dados pepesthining para pepundhen, saha kedhah wantun dhateng cobi.
......................................................................................................................................................
P a t r a p i n g S u j u d:
Ngleksanani patrap, yaiku: ngusap mpripat kaping telu (3)
Ngleksanani dumukan 5, yaiku:
1. Mbun- mbunan
2. Pulung ati.
3. Puser
4. Wadi
5. Jempol suku.
Patrape, kalamun wektu esuk : madhep mangetan.
Patrape, kalamun wektu sore : madhep mengulon.
P a n g u c a p i n g k i t a:
(karana dipun batos, mboten dipun ucapaken)
Konjuk ngarsa dalem pangeran kita ingkang sejati, dalem nyuwun sabda, nyuwun sabdanipun Ngarsa dalem pepundhen Sang Hyang Wenanging Jagad, saha nyuwun sabdanipun pepundhen Allah purba kuwasa, saha dalem nyuwun sabda Ngarsa Dalem pepundhen Panembahan Harya Werkudara, nyuwun sabdanipun para pepundhen para jawata para kuwasa sedaya, dalem niyat sujud keblat sekawan anetepi kuwajiban kita gesang.
- Dalem mundhi sabdanipun pepundhen kadusari, ingkang lenggah wonten keblat kilen.
- Dalem mundhi sabdanipun pepundhen Rohillafi, ingkang lenggah wonten keblat ler.
- Dalem mundhi sabdanipun Pepundhen Kallamollah, ingkang lenggah wonten keblat wetan.
- Dalem mundhi sabdanipun pepundhen kaduli, ingkang lenggah wonten kidul.
- Dalem mundhi sabdanipun pepundhen kadusari, ingkang lenggah wonten keblat kilen.
Dalem nyaosaken sembah sungkem mugi konjuk ngarsa dalem para pepundhen, para jawata, para kuwasa sedaya, dalem nyuwun sabda lebur sedaya dosa ingkang sampun dalem lampahi. Kaparingana sabda teguh rahayu wiyana, kiyata anggen dalem mundhi kawruh sastra jendra hayuningrat pambirating diyu, manembah goibing pangeran, babaring jaman wiwitan dumugi pungkasan, menangana jaman tentrem, jaman wingking, jaman ingkang badhe dumadi, kayata anggen dalem suwita ngarsa dalem goibing tanah jawi.
Banjur sungkem bumi, mangkene ature:
Konjuk ngarsa dalem ibu bumi, ibu pertiwi, eyang hanataboga, eyang narasoma.
Dalem nyaosi bekti saha angluhurake para pepundhen, para jawata para kuwasa sedaya, dalem nyuwun sabda lebur sedaya dosa ingkang sampun dalem lampahi.
Mboten langkung kaparingana teguh rahayu woyana, kiyata anggen dalem suwita ngarsa dalem goibing tanah jawi.
Banjur lenggah karo dzikir:
Ingsun urip, ingsun mati, ingsun urip, ingsun urip, ingsun dosa, ingsun dosa, ingsun lebur, ingsun dumadi x3.
- Tentrem, tentrem, teguh rahayu wiyana x15.
S u j u d G e d h o n g G o i b:
(angluhuraken para pepundhen kang lenggah ana gedhong goib dhomas pari kencana, patrape madhep mojok ngidul ngetan, mangkene ature:
Konjuk ngarsa dalem pangeran kita ingkang sejati, dalem nyuwun sabdanipun para pepundhen sedaya:
Bethara Guru, bethara wisnu, bethara surya, pepundhen sang hyang manon, bethara sang hyang wenanging jagad, sang hyang girinata, pepundhen jinawi piningit, pepundhen harjuna sasrabahu, pepundhen parikesit, saha pepundhen sri sultan Herucakra.
Dalem caos bekti pepundhen ingkang lenggah ing gedhong goib dhomas pari kencana sedaya, dalem nyuwun sabda teguh Rahayu Wiyana, menangana lampah babring jaman wiwitan dumugi pungkasan, jaman aman, jaman tentrem, jaman dumadi.
KANG PENTING DILUHURAKE, BEKTINE DISUWUNI SABDA WISESA:
- Hyang maha suci ingkang lenggah jroning dzat, dalem caos bekti saha angluhurake panjenengan, dalem nyuwun kaparingan gesang ingkang langgeng.
- Hyang maha mulya ingkang lenggah jroning khayon, dalem nyuwun tumuwuhipun sabda wisesa.
- Hyang maha wisesa ingkang lenggah jroning cahya, dalem nyuwun tumuwuhipun panguwasa.
- Hyang maha kuwasa ingkang lenggah jroning Sir, dalem nyuwun tumuwuhipun cipta wening.
- Hyang maha luhur ingkang lenggah jroning Roh, dalem nyuwun waspada pangesthi kita dhateng kautaman.
- Hyang maha agung ingkang lenggah jroning nepsu, dalem nyuwun kababar kita krasa kang sampurna.
- Hyang maha yekti ingkang lenggah jroning akal, dalem nyuwun kababar hawa akal kita.
- Allah ta’ala ingkang lenggah jroning jasad, dalem nyuwun kumpuling pancadriya.
.....................................................................................................................................................
BANJUR NGLUHURAKE WIYOSANE PARA PEPUNDHEN:
(madhep gedhong goib)
Akhad Legi:
- Eyang Gupala candra.
- Eyang Hanantaboga.
Selasa Pon:
- Sangat kemis kliwon.
- Sang hyang sipat sampurna.
- Pepundhen sri widyaningrat.
Selasa Kliwon:
- Pepundhen pamongraga.
- Pepundhen Surengalaga.
Kemis Kliwon:
- Pupundhen sang hyang kusumaningrat.
Selasa Legi:
- Pepundhen Supraba.
- Pepundhen Dersanala.
Selasa Pahing:
- Pepundhen Syeh Subakir.
- Pepundhen Sri udami.
- Pepundhen Bethara Sih.
- Dina pasaran.
Jum’at Kliwon:
- Pepundhen satri kesit kusuma.
Jum’at Legi:
- Pepundhen wakhadiyat.
- Pepundhen Sri widadi.
Jum’at Pahing:
- Pepundhen titiningrat.
- Mangsa sai 12.
Jum’at Pon:
- Pepundhen Allah purba kuwasa.
- Pepundhen sang hyang wenang.
Sabtu Legi:
- Pepundhen cakrawangsa.
- Pepundhen murtini
- Pepundhen mayabadra.
- Pepundhen bramantaka.
Selasa Pahing:
- Pepundhen kusumaning dyah.
- Pepundhen bathara Sri.
Sabtu Kliwon:
- Pepundhen Windu Tahun.
Saben dinten wiyosa ingkang kasebut ing ngriki, bibar sujud sonten dipun luhuraken, sujud sonten samadi ngeblat gedhong ghoib, ingkang dipun luhuraken ingkang kagungan wiyosan.
....................................................................................................................................................