Minggu, Oktober 2

MANTRA TULAK PENGGAWE ALA


BISMILLAHIR ROHMANIR ROHIM
Bis teguh, mil luput, Allah ingsun ana kulon, ana sedya aja teka, heemmm....! ya aku bagindha ngali kasan kusen. Sing merlik putih cahyane Allah, sing mrenthel putih kamane Allah. Kamaningsun kama dadi. Kamane sedya ala, panggawe ala, kama wurung wurung saking kersaning Allah. Kebo dhungkul ana kebo brangah teka kana. Kana. Wurug saking kersaning Allah.

PATRAP SEMEDI


-          Yen amdhep mangetan, pepundhen kalamollah, lan para pepundhen kang lenggah ana keblat wetan.
-          Yen madhep mengalor, pepundhen rohillapi, lan para pepundhen kang lenggah ana keblat lor.
-          Yen madhep mengulon, pepundhen kadusari, lan para pepundhen kang lenggah ana keblat kulon.
-          Yen madhep mangidul, pepundhen keduli, aln para pepundhen kang lenggah ana keblat kidul.

PITEKUR IKU ANA PATANG WEKTU:
-          Jam 12.00 awan. Madhep mangalor, kang dadi sedyane angluhurake pepundhen sridadi.
-          Jam 08.00 wengi, madhep mangulon, kang dadi sedyane angluhurake pepundhen titiningrat.
-          Jam 12.00 wengi. Madhep mangalor, kang dadi sedyane angluhurake pepundhen Allah purba kuwasa.
-          Jam 03.00 wengi. Madhep mangetan, kang dadi sedyane angluhurake pepundhen wakhadiyat.

PITEKUR:
Konjuk ngarsa dalem pangeran kita ingkang sejati, dalem nyuwun sabda, sabdanipun pepundhen sang hyang manon, sang hyang wenang ing jagad, saha nyuwun sabdanipun pepundhen Allah purba kuwasa,  nyuwun sabdanipun ngarsa dalem pepundhen panembahan harya werkudara, dalem niyat pitekur jam ........................................................................ metepi kuwajiban kita gesang, angluhurake para pepundhen para jawata, para kuwasa sedaya, ingkang lenggah wonten keblat ....................................dalem mundhi sabdanipun pepundhen......................... nyuwun dipun mumpuni panyuwun dalem, mbenjing manawi sampun titi wancinipun kapundhut ingkang kagungan jagad sagede........................................... mboten langkung kaparingan teguh rahayu wiyana, kiyate anggen dalem mundhi kawruh sastra jendra hayuningrat pambirating diyu manembah goibing pengeran, menangana jaman tentrem, jaman wingking, jaman ingkang badhe dumadi, kiyata anggen dalem suwita goibing tanah jawi.
Banjur sungkem bumi kaya nalika sujud, bubar sungkem banjur lenggah terus dzikir, dene dzikirane dhewe-dhewe.
..............................................................................................


SABDA TUNGGAL

Sabda Tunggal:
(kanggo sakabehing panyuwunan)
Ingsun tohjalining dzat kang maha suci, kang amurba, kang amisesa sak kuwasa, angandhika kun faya kun, dadiya sak cipta ningsun, ana sak sedyaningsun,. Teka sak karsaningsun, mettu saka kodrat ingsun.
......................................................................................................................................................

PANYUWUNAN


PANYUWUNAN PUTRA LAN JODHO:
Niyat ingsun angluhuraken kaki nini, dewa dewi, kaki bejang, nyai bejang, ingkang lenggah wonten keblat sekawan, ngandap, nginggil, ingkang wonten ing alang-alang kumitir, ingkang lenggah wonten endhog amun-amun.
Dalem angluhuraken saha nyuwun sabdane:.............................................................................................................................................................................................................................................................................................
Dalem nyuwun jabang bayine.................................................................................................................................................................................................................................................................................................
1.      Yen nyuwun jodho utawa ngrukunake, kang diluhurake bathara kamajaya lan kamaratih.
2.      Yen nyuwunake anak, kang diluhurake kaki brayut nini brayut.
....

WATU AJI


WATU AJI:
Niyat ingsun rapal watu aji kodratullah.
Watu aji kodratullah mboten dhahar dami kinukus,
Dhaharane sarine ganda lan rasa.
Watu aji kodratollah tan kenane goroh, yen manungsa kenane goroh.
Watu aji kodratullah ingsun takon katemenane,
Sapa jenenge? Lan apa kasiyate?
......................................................................................................................................................

KRAMAS:
Niyat ingsun kramas, nyuwun sabdane eyang tirtamaya, katurunaken toya suci, turunaken toya santen saking tirta kamandanu. Kita angge anggirah jiwa angga dalem, nyuwun waskhita ing walang sangkere.
Godhong jarak, godhong dhadap arep, godhong kluwih, godhong jati, klaras gedhang raja merang ketan ireng, santen klapa ijo, kanggo bilas banyu kali 7 kang mili mangidul.

Sajen: intip goreng, kopi pahit.
......................................................................................................................................................

MACAN SEWU

MACAN SEWU:
Niyat ingsun amatek ajiku macan sewu.
Sela gilang anggon-anggonku, teja kekuwung kudhungku,
Niyat ingsun amatek aji bima kurda.
Glegar-gleger kaya lindhu sejagad.

Lakune: mutih 7 dina, mangan sega aking utawa cengkarok.
(ora kepareng diwaca utawa diapalake ana sak jeroning omah)
......................................................................................................................................................

SABDA PININGIT

SABDA PININGIT:
-          Antara lama ana marmane hyang widi, bebisik satriya suci.
-          Wus mantun anggenira piningit.
-          Linguaran dening Allah.
-          Nyirnakake durjana, durmala, durmadi.
-          Ingkang sami amengsahi, kabarubuh yudanira nadyan amuk priyangga.
-          Prasasat adu jalmi.
-          Inggih punika jejuluk satriya aji Narpati kanjeng susuhunan maheru cakra.
-          Tetengeripun: kyai, wali, ulama, gurunipun, iku kabeh kawulane.
-          Ambawani tanah jawa jawi.
-          Mapan wus ngerti sejatine sejatining.
-          Wajibe wong urip sakdurunge mati, pangersa kang anyata.
-          Imam mahdi jejuluk tetengeripun.
......................................................................................................................................................
 
BISMILLAHIROHMANIRROHIM.
SOLALLOHU ALAIHI WASSALAM.

Go gamane allah, dzat kang rusak ilalang ragane kabeh.
Labote tan kena keri, dzat kang tanga kumpulan, kahanan ora ana, ya ingsun, ya ingsun sejatine ora ana apa-apa.

BISMILLAHIR ROHMANIR ROHIM.
Niyat ingsun angaweruhi sahadat awang-awang.
Paningalku padhang trawangan, terus langit pitu, bumi pitu, sih dumilah kang awening, panggawe ala panggawe becik.
Wekasku jagad wetan, jumeneng ya aku Allah.
Wakasku jagad lor, jumeneng ya aku Allah.
Wekasku jagad kulon, jumeneng ya aku Allah.
Wekasku jagad kidul, jumeneng ya aku Allah.
Wekasku jagad nduwur, jumeneng ya aku Allah,
Pan ingsun dzatullah kang jumeneng ana pusering jagad, angingkut sakabehing rupa warna. Kingkut kerut dening aku kabeh.
Kak kaollah ya aku Allah  x2 khak.

BISMILLAHIR ROHMANIR ROHIM.
Niya tingsun angaweruhi sahadat sorog kedhaton
Sirullah, dzatullah, terus butul ghusti rosul,
Ya robbana pujine segara,
Ya robana pujine rohillafi.
Cahya sekalir dadi pangayubane wong sak omah kabeh.

BISMILLAHIR ROHMANIR ROHIM.
Niyat ingsun angaweruhi sahadat mannik.
Urubing cahya sarining buwana, sarining Allah, sarining rasa, Allah Hu, byar kaya tanggal kaping patbelas.
Kang aran witing pati iku kedhep, kedhepe kang satiti surti ngati.
Iku padhang uwih padang, dewi johar mannik arane.
Nyang ngendi-endi paranne ngetutake ngadamku.
Ngadamku ya wujudku, wujudku ua ngadamku.
BISMILLAHIR ROHMANIR ROHIM.
S a h a d a t    P a n i n g k a h:
Niyat ingsun angrawuhi sahadat paneteg panata gama islam. Tiba tangi degna, kula sampun rabi, sinten kang angrabekake? Allah Muhammad. Sinten seksine? Malaikat papat: Jabrail, ijrail, isropil, mikail. Sinten waline? Muhammad. Sinten pangulunge Rasulullah. Apa mas kawine? Lare alit kang abadhong ngelmu jimat panrima. Endi lungguhe wong tuwa lawas? Kang ngadeg nang jagad wetan. Endi lungguhe wong tuwa loro? Kang ngadeg nang jagad tengah. Slamet, bener, slamet.
Ya Hu Allah, Ya Hu, Ya Muhammad.

BISMILLAHIR ROHMANIR ROHIM.
Niyat ingsun angrawuhi sahadat paneteg panata gama islam. Tiba tangi degna. Mbok menawa. Mbok menawa teka kang andhuweni sahadat paneteg panata gama Islam/ wong apa sira? Wong temen. Endi pinangkane wong temen? Saking banyu putih. Endi pimangkane banyu putih? Saking Nur Rasa, saking Allah lan Pangeran.
Endi pinangkane Allah lan pangeran? Saking Kun. Ya aku wong temen, mlebuwa sajeroning kentheng, mbesuk maneh ora kena takon maneh.

BISMILLAHIR ROHMANIR ROHIM.
Niyat ingsun angraweruhi sahadat jaman, liman kahananingsun, amasuh badan Allah, allah aku suci, aku banyu suci, teka geg arane jesim, mani kang jumeneng dana rasa, kang angancik gedhong semat, kang jumeneng dana rasa. Sak mosike para Nabi para Wali dadi anggen-angenku kabeh. Eling mbesuk, eling saiki, eling-eling saka kersane Allah.

S A H A D A T    J A M A N:
Ananing manungsa tan ketawangan, kang madhep maring Allah, kang dadi pancering urip, kang dadi lajering Allah. Dzat les tan eling tan kena pati. Curiga manjing warangka, warangka manjing dhuwung, dhuwung manjing keris. Curiga Allah, warangka Muhammad, dhuwung rasul, keris Mahkiki. Byar padhang trawangan, padhang njaba, padhang njero, padhang luwih padhang.

BISMILLAHIR ROGMANIR ROHIM.
Ananing manungsa iku saka wiji pinilih, wiji coplok saking nggantangan, ngambah malengkunging langit, nggawa daya patang perkara, cumlorot menyang jaman lega dadi, kekurungan dening biru, kinubeng deng budheng. Rasane cleng, cumleng, cleleng, amleng, rasanira kalawan dhewe.

S A H A D A T   K U N:
Sang kun, dzat kun, aja sira ngaling ngalingi dzat sukma kang ngemban wewayangan, rasa sukma kang atapa nang sajroning wewayangan, lan sira nyatakna, ingsun arep weruh jeneng urip ingsun dhewe.

S A B D A   T U N G G A L:
Ku Faya Kun, Ya Hu Allah Dzatullah langgeng sak lawase.
.....

ILMU KASAMPURNAN LAN KASUNYATAN

ILMU KASAMPURNAN LAN KASUNYATAN KAMURAHANING PANGERAN.

Tumuju marang para sedulur kang padha karsa ambudi daya ilmu kasampurnan lan kasunyatan kamurahaning Pangeran. Purwa madya wusananing dumadi kita iki kabeh, mulane ing ngisor iki kawedharake anane ilmu kasampurnan, ilmu kasunyatan, ilmu coib kamurahaning Pangeran. Awit dhek jaman kang wis kapungkur kang padha diwedharake marang para pinisepuh biyen, ilmu iku durung jangkep lima, kang diwedharake ilmu mau mung papat, mulane kurang terang lan durung bisa dipercaya, awit kabeh mau isih ragu-ragu. Dene kang diwedharake dening para wicaksana ing nalika semana ilmu mau lagi parang perkara: 1. Ilmu sarengat, 2. Ilmu Tarekat. 3. Ilmu Hakekat, 4. Ilmu Makripat, dene jangkep 5 yaiku Gaib.

1.      Ilmu Sarengat iku ilmune Malaikat Jibril.
2.      Ilmu Tarekat iku ilmune Malaikat Isropil.
3.      Ilmu Hakekat iku ilmune Malaikat Mikail.
4.      Ilmu Makripat iku ilmune Malaikat Ngijrail.
5.      Ilmu ghaib iku ilmune Allah kang jumeneng Gesang kita iki.

Mulane yen para sedulur padha ngudi ilmu yen jangkep lima yaiku wis cukup, awit ilmu iku sak lumahing jagad sak kurebing langit iku mung lima. Dadi Panjenengane pawa Waliyullah dhek jaman biyen yen mejangake ilmu nalika semana ya mung ilmu limang perkata iku. Kang padha diwejangake lan padha dicakake.

Dene kang nggunakake Ilmu Goib iku mung Wali loro, yaiku kanjeng susuhunan kalijaga lan kanjeng susuhunan syah siti jenar, anggone padha dene lelumban ngudi kebagusan ngleksanani kuwajibaning urip. Dene ilmu kang patang perkara mau Wali pitu kang nduweni, mulane ing jaman saiki mawarna-warna rintangane lan panggodhane.
Jalaran ing wektu iki wis tekan ing wancine timbule Wali syeh Siti Jenar, anggone bakal ambalekake marang sejatining ngelmu kang sak nyata-nyatane. Yaiku ilmu kasampurnan lan gaib kamurahaning pangeran, bareng arep tumimbule ilmu ghaib kasunyatan kamurahaning pangeran, banjur padha dirintangi tindak lan kaweruhe saka ilmune para wali pitu iku. Awit nalika semana para wali pitu iku arep melu nganggo lan nglakoni ilmu ghaib iku ora kuat lan ora katekan, lan khuwatir yen ilmu ghaib nganti ngrambaka ana ing tanah jawa, mesthi ilmu kang patang perjara mau ora bisa widada.
            Akhire ilmu gaib mau hanjur cures, mulane banjur padha gawe ngreka daya ngrintangi lakune ilmu ghaib, supaya kita kang padha nyinau ilmu ghaib mau bisa mendha lan ora bisa ngrembaka. Mula saka iku tumrap saka sedulur kang padha nyinau ilmu ghaib, sangune mung kudu tansah waspada, jalaran yen kurang waspada ora wurung bakal nglakoni karugian kang ora cilik, ananging pancen wis mangkono iku ukurane, angger ana tumindhak kang becik mesthi ririntangan dene tumindhak kang ora becik, mulane ya mung kari ana paribasane.
......................................................................................................................................................
“SAK BEGJA- BEGJANE WONG KANG LALI, ISIH BEGJA WONG KANG ELING LAN WASPADA”.
......................................................................................................................................................
            Dadi senajan tumrap sedulur kang kurang waspada mau uga ish duwe begja, jalaran mangkene kang diarani ilmu kabeh ya wis bener, sarta becik, sebab ilmu iku wujude ya mung sipat kita kang gumelar lan gumleger iki, ing kene perlu diwedharaken bab ilmu iku mau kabeh:
1.      Ilmu sarengat iku wujude bau kita kang tengen iki, jalaran ilmu sarengat iku ilmune malaikat Jibril, mangka Malaikat jibril iku manggone ana ing bai kita kang tengen iku.
2.      Ilmu tharekat iku wujude ya sikil kita kang tengen iki, jalaran ilmu tarekat iku ilmune malaikat isropil, ing mangka malaikat iku manggone ana ing sikil kira kang tengen iki.
3.      Ilmu hakekat iku wujude ya bau kita kang kiwa iki. Jalaran ilmu hakekat iku ilmune malaikat mikail, ing kamangka malaikat mikail iku manggone ana ing bau kita kang kiwa iki.
4.      Ilmu makripat iku wujude ya sikil kita kang kiwa iki, jalaran ilmu makripat iku ilmune malaikat ngijrail, ing kamangka malaikat ngijrail iku manggone ana ing sikil kita kang kiwa iki.
5.      Ilmu ghaib iku wujude ya gesang kita iki, jalaran kita iki kabeh mesthi krasa yen gesang, dadi ilmu ghaib iku ilmune gesang kita iki, mulane sedulur kabeh kang padha ngudi ilmu iku yen wis jangkep lima ya wis cukup, jalaran ilmu iku saklumahing jagad sak kurebing langit iku mung lima. Kejaba kang kasebut ing dhuwur iki, kita dhuwe pameling marang para sedulur, sakabehing kang padha ditindakake iku kudu diteliti, lan kudu dirasakake, sing ngati-ati, lan titi banget.

GELAR BIBITING JAGAD GEDHE:
Gumelaring jagad gedhe ing nalika isih jaman sonyaruri utawa jaman sonya wibawa, kang dikodratake luwih dhisik yaiku alam awang uwung iki. Ananging babar pisan durung isa hawa angin, hawa panas, hawa banyu, lan hawa bumi, iku jenenge isih diarani dzat sonya, dzat sonya mau banjur nyorot kodratake hawa angin, kenthele hawa angin mau banjur dadi lintang.
Dzat sonya lan lintang pada nyorot banjur ngodratake ananging hawa panas, kenthele hawa panas mau banjur dadi srengenge, bareng wis ana srengenge, dzat sonya lan lintang mau banjur nyorot, sorote dadi siji, banjur ngodratake ananging hawa banyu. Kenthele hawa banyu mau banjur dadi rembulan. Bareng wis ana rembulan, dzat sonya, lintang, srengenge lan rembulan banjur padha nyorot, sorote dadi siji, kumpule sorot mau banjur ngodratake ananging hawa bumi.
Kenthele hawa bumi mau banjur dadi gumelaring jagad, ya gumelaring bawana, ya gumelaring jagad raya, ya gumelaring bumi iki kabeh.
Dene hawa-hawa mau ana jenenge dhewe-dhewe:
Hawa angin jenenge dzat maruta, ya dadine lintang iku mau. Dene hawa panas jenenge dzat dahana, ya dadine srengenge iku mau. Hawa banyu jenenge dzat tirta, kang dadi rembulan. Hawa bumi jenenge dzat bantalaya, ya dadine gumelaring bumi iki, ya gumelaring jagad raya iki. Dene hawa awang uwung iku jenenge dzat sonya.
            Bareng wis ana dzat kang limang perkara mau banjur pada nyorot, sorot kang limang perkara mau banjur ngodratake kewan-kewan, kekayon, thetukulan, suket-suketan, watu wesi, perak, emas, timbal, tembaga, kuningan, lan sapanunggalane.
            Sakabehing kang kumethip ana ing sakurabing langit, lan sak lumahing bumi iki, dadi cekak cukupe ya kang gumelar ana ing ndonya iki kabeh. Mulane ngodratake kang kumethip kang ana ing ngalam donya iki kabeh, perlu ing tembe yen wis ana manungsa perlu kanggo cadhangane kabutuhane para manungsa yen mbesuk wis ana manungsa.
            Ing dhuwur iki mau para sedulur wis bisa ngerteni gelaring bibiting jagad gedhe sak isine kabeh, ing ngisor iki diwedharake ngenai bibiting gesang nganti dumadining manungsa sak lelakone urip, kang padha dilakoni para sedulur kabeh.
            Gelar bibiting manungsa iku kawiwitan anane papa adam lan ibu kawa anggone bakal nurunake manungsa kang padha ana iki, ya anane kita kabeh iki. Gelar bibiting manungsa iku sak anane bapa adam lan ibu kawa iku purwane mangkene:
            Ing nalika jaman semana sajeroning awang –awang, iki lagi ana sorot limang perkara, yaiku soroting dzat sonya, dxat maruta, dzat dahana, dzat tirta, lan dzat bantalaya, tegesse dzat-dzat iku mau kabeh nakal dadine bibiting uriping manungsa, ya bakal dadine bibiting urip sabarang kalir kang kemethip kang ana ing ngalam donya iki kabeh. Kang diarani dzat sonya iku kang ngodratake anane lintang, srengenge, rembulan lan bumi iki, yaiku kang dikodratake bisa mahanani sekabehing bibit uriping apa wae kang kumethip ana ing ngalam padhang iki kabeh. Dzat maruta nganakake angin, kenthele angin dadi lintang.
            Dzat dahana nganakake hawa panas, kenthele hawa panas dadi srengenge, dzat tirta nganakake hawa banyu, kenthele hawa banyu mau banjur dadi rembulan. Dzat bantalaya nganakake hawa bumi, kenthele hawa bumi dadi gumelaring jagad ya gumelaring bawana iki, dene limang perkara iku au banjur ngetokake cahya dewe dewe dzat sonya(awang –uwung) nganakake cahya ireng, dzat maruta utawa lintang nganakake cahya ijo semu kuning, dzat dahana (srengenge nganakake cahya padhang semu abang. Dzat tirta utawa rembulan nganakake cahya biri semu putih. Dene dzat bantalaya utawa bumi nganakake cahya dadu.
            Kumpule cahya kang limang perkara mau banjur amujudake ABRAMARKATA, kenthele abra markata amujudake endhog amun-amun kang pating pletik obah terus. Kenthele endhog amung-amung banjur amujudake GAIB, yaiku bibit uriping manungsa kang pating clorot kaya endhog cecak utawa kaya mutyara.
Dene yen para sedulur arep meruhi utawa nyatakake gaib, yen wayah sore anatara jam lima madhepa mangetan tanpa kedhep, pandengen terus mesthi weruh pating dliri lan pating clorot. Gaib mau sinurung bab limang perkata utawa sinurung dene kang hawa limang perkata, banjur bleger amujudake (ngodratake) anane bapa adam, bapa adam tumitah ing ngalam donya nau duwe kuwajiban nurunake manungsa, ananging bapa adam durung ana adon-adonane kanggo nurunake manungsa, yaiku banjur anane Ibu kawa, yaiku kang bakal dienggo adon-adonan nurunake manungsa ana ing ngalam donya iki.

N G A L U W A R I U J A R


Bismillahir rohmanir rohim.
Allahuma ka-ingkutan, malaikat satus punjul papat kang rumeksa jabang bayine si...............kang rumeksa ing rakyate kabeh ( kang rumeksa kulon, wetan, lor, kidul, ngisor, nduwur, tengah, ditreake kabeh kaya ing dhuwur)/
Ana dhandahng saka wetan putih wernane, manuk manuk kunthul.
Ana dhandahng saka kidul abang warnane, manuke manuk wulung.
Ana dhandahng saka kulon kuning warnane, manuk- manuk podhang.
Ana dhandahng saka lor, ireng wernane, manuke manuk gagak.
Ana dhandahng saka ngisor, manuke manuke manuk bethet.
Ana dhandahng saka nduwur, biru wernane, manuke manuk bangka.
Ana dhandahng saka tengah blorok wernane, manuke manuk bidho.
Eeeee......... aja nyucuk bocahe nyucuka bajang sawanne, kari pan umure, panjang yuswa nemu raharja.
.....................................................................................................................................................