Minggu, Juli 24

MANTRA


AJI KETHEK PUTIH:
Niyat ingsun matek ajiku kethek putih, mangkruk-mangkruk neng tunggak nangka.
Cengengas-cengenges sak tekaku.
Cengenges-cengenges sak lungaku.
Hu Allah  x3 ajiku kethek putih.
....................................................................................................................................................

TANJUNG PUTIH:
Niyat ingsun matek ajiku garangan putih
Sang kala wisa, sang kala siang,
Sira sumingkira saking kodrat ingsun.
Ingsun sejatine garangan putih.

Lakune: ngepel 3dina, 3-2-1, minum jarang putih.
...................................................................................................................................................

HONG KATHEK:
Hong kathek, wola-wali kathek, gunung gugur, setan sungsang, lebur tumpur, serna ilang. (adus pancuran utawa sendhang).

WIJAYA KUSUMA:
Niyat ingsun rapal jagad kinandhut, bumi ginunjung, sak jeroning bumi ginunjung ana kal kausar, sak jeroning kal kausar ana telaga wening ana beji tundha loro, sak jeroning beji tundha loro ana wit kastuba urip pang pap pentil loro sak kembaran.
Kang putih wijaya mulya, kang abang aran kembang wijaya kusuma, mekar tan kenaning mingkup, mingkup tan kenaning lungset. Lungset tan kenaning rusak.

Lakune:
-          Kawiwitan ing dina jum’at legi.
-          Ing dina kelairan pasa 24jam wiwit jam 6.00 sore nganti jam 6.00 sore, nganti 7 dina kelahiran.
-          Sesaji:
1.      Kembang mawar abang sepasang ing gelas banyu putih.
2.      Kembang mawar putih sepasang ing gelas banyu putih.
3.      Kembang kanthil sepasang, (sing siji ing gelas banyu putih, sing siji kapasang ana ing ngisor bantal/ kasur.)
4.      Tumpeng sanga buwana (sega katutup dadar susun loro).
-          Larangane:
1.      Ing sajeroning laku bebas nepsu birahi.
2.      Sakwise laku sak lawas ora kena nguyuh ing kali.
3.      Ora kena ndamoni barang panas.
4.      Ora kena ndamoni lan ngidoni banyu.
......................................................................................................................................................

WEJANGAN


ANCERING KITA IKU ANA 7 PERKARA:
1.      Pangeran iku kang wajib milah-milahake kridhaning kita.
2.      Kodrat iku wajib ndumakake kita.
3.      Gaib iku kang wajib paring pagelaran kita.
4.      Simbuling sukma iku kang wajib paring dzat pramana.
5.      Simbuling gaib iku kang wajib paring bisa nyurasa lan bisa milahake wigati.
6.      Simpuling kasakten iku kang wajib milahake kalukitaning kita.
7.      Mustikaning kun iku kang mumpuni lelakoning kita, lan mila...........
..............................................................................................................................................

PAMENGKUNING KITA ANA ING 9 PERKARA JENENG DHEWE-DHEWE MANGGONE:
1.      Panyipta manggon ing pulung ati.
2.      Pangrasa ana ing dhadha.
3.      Pangganda ana ing gunung tursina.
4.      Pamilah ana ing selaning alis.
5.      Pangingkut ana ing lintang johar.
6.      Rineksa ana ing pupu tengen.
7.      Rinengga ana pangusap rai tumeka sikil.
8.      Wisesa ana ing epek-epek tengen.
9.      Winedar ana ing simbol.

Nanging yen kaingkut kari 3 perkara:
1.      PANYIPTA.
2.      PANGRASA.
3.      WISESA.
Ngumpul menyang panyipta banjur jeneng cipta dumilah kunta, rineksa, pangganda.
Pangingkut kumpul menyang rineksa banjur jeneng: trimaya dumillah, winedhar, pamilah.
Rinengga kumpul menyang winedhar, banjur jeneng: susuhe cipta prakara. Pambukaning urip kita, pangeran simbuling pangeran.

WADHAHING URIP:
Kodrat, kodrating rasa, simbuling kodrat.

KANG DIARANI KUNCINING PATI LAN SUKMA:
1.      Ghaib
2.      Simbuling ghaib.
3.      Mustikaning kun.
Terang dhawuhing eyang sabilallah, mulane aja lali dumukane marang embun-embunan.
.....................................................................................................................................................

Kamis, Juli 21

MBAH JAGUR


Assalamualaikum, waalaikum salam.
Ya Allah  x3  Ya Rosulullah, Mbah jagad, mbah ngalam, mbah guna, mbah kuwasa, Allah kang langgeng murba jagad ngalam, kula nyuwun mujijade Ghusti Allah. Kula nyuwun............
Lakune : mutih 7 dina 7 wengi, puasa 3 dina, ngebleng sedina sewengi.

Selametane:
1.      Endhog pitik kampung 9.
2.      Sega gelang 9.
3.      Kuluban godhong 9.
4.      Gedhang ambon kang ijo 9.
5.      Degan klapa ijo 1.
6.      Gereh pethek 9.
7.      Pitih pancawarna sak umure.
......................................................................................................................................................


..................................................................................................................................................

KASAKTEN SEDULUR

SEDULUR 5:
Duwe pangaribawa geni, yen minta ngusap pulung ati x3. terus neng ning.

SEDULUR 7:
Duwe pangaribawa angin, yen minta ngusap tenggok x3, petak bumi x3, mandheg pucuking grana.

SEDULUR 9:
Duwe pangaribawa lumpuh, yen minta ngusap bokong x3, tangan tumunpak pundhak.

SEDULUR 100:
Duwe pangaribawa ngedu mungsuh, yen minta ngusap rai tumeka sikil, tumenga munggah, petak bumi x3.

SEDULUR 1000:
Duwe pangribawa anglimputi, yen minta nyebul ugel-ugel ngampet ambegan.

SEDULUR 25:
Duwe pangribawa ambalang pedhut, yen minta ngusap wadi x3. Sila neng ning.


KASAKTEN SEDULUR KEWAN;

SEDULUR ULA;
Yen minta ngusap githok x3, neng ning.

SEDULUR MANUK:
Yen minta dhadha manuk kausap x3.

SEDULUR BANTHENG:
Yen minta bangkekan kausap x3.

SEDULUR GAJAH:
Yen minta dhadha kausap x3.

SEDULUR MACAN:
Yen minta bayangan kagedruk x3.

SEDULUR KIDANG MILAR:
Yen minta nggeblek kempol  x3, petak bumi  x3.


KASEKTEN SEDULUR PANGANGGO:

SUMPING PUNDHAK SINUMPET:
Kanggo nyaring pepilahan, sarta yen minta, tangan kageblekaken bumi x3 kanggo ngusap kuping.

GELANG CANDRA KIRANA:
Tumengga mandhuwur nyebul ugel-ugel, tangan katumpangake mbun-mbunan karo nyedot ambegan.

ALI-ALI RAMPAL GADHING:
Driji manis kadilat  x3, banjur neng ning.

SABUK SETRA DEWANGGA:
Yen nyabrang kali bangkekan kausap  x3.

Kamis, Juli 14

PILAHING AKSARA 20

( Kang dumunung aneng dumadi jiwa angga)

Ha       -           tirta karoba angsale kun.
Na       -           cipta karoba angsale dumadi
Ca        -           pangrasa cipta asale angen-angen
Ra        -           tapa brata kanggo nggoleki.
Ka       -           cahya dumillah minangkaning batih.
Da       -           kun kang maligi nyipta lan ngurasa
Ta        -           karoba jagad wadhahing cahya dumadi
Sa        -           pangungkating jiwangga rasa dumadi sawiji
Wa       -           purwaning wiwala sirnaning dumadi.
La        -           jatining rasa angsale ening
Pa        -           tirta kawuwus pamilahing simbol.
Dha     -           aja kang winarna panggulaning pucara.
Ja         -           sediya kang ngrawuhi ananing prahara
Ya       -           mada nyungkat hiya karo nglenggana
Nya     -           rasa kang triprakara
Ma       -           dumadining purwa tumuwuhing jagad.
Ga       -           lelurinen panedya kanggo panggung kehing sedya.
Ba        -           aminta rasa gunung karoba.
Tha      -           tumuwuh rasa gunung karoba
Nga     -           wadhahing  wusana jajah purbaningrat.
......................................................................................................................................................

A K S A R A  2 0    K A NG  D U M A D I   R A S A:

Ha       -           Ciptaning batin kanggo nuwuhake rasa
Na       -           pilahing rasa kanggo nampa wigati
Ca        -           simboling batin kanggo ngleremake jagad.
Ra        -           cahyaning gedhong kanggo pilahing surasa.
Ka       -           isi cahya roba kanggo ngingkut angkara.
Da       -           pangingkuting rasa ngungkat batin kang kalimput.
Ta        -           cahya kandhaga kanggo nampa ghoib.
Sa        -           jagading surasa kanggo ngrungkepi batin
Wa       -           cahya maligi kanggo yen wis kinukut
La        -           karoba jati kanggo rasa pepilahan
Pa        -           purwaning kun kanggo pangungkat ing rasa.
Dha     -           kumpuling dzat-dzat kanggo ngingkut warni.
Ja         -           angsale dumadi kanggo ananing kun kang mawa simbol.
Ya       -           kumpuling rasa kanggo maligi maligi cipta.
Nya     -           rasa kumpul sawiji kanggo simbol pramana.
Ma       -           cahya karoba kanggo ndulu mring jagad.
Ga       -           gunung darbe wala kanggo guna palwa.
Ba        -           akarya papa kanggo dunung cahyaning wakhadiyah
Tha      -           cipta kumpul, cahya kanggo cipta ngungkat surasa.
Nga     -           karoba wusana kanggo kun kang asale dumadi.
......................................................................................................................................................

Minggu, Juli 10

AJI -AJI


KASEKTEN AJI:

LEMBU SEKILAN:
Ngusap tungkak x3, nggeblek bumi nganggo tangan loro.

KUL BUNTET:
Ngusap wudel x3, sarta mumus epek-epek  x3.

LULANG KEBO LANDHOH:
Dhadha kiwa kausap  x3, tangan nggeblek bumi, neng ning.

AJI GINENG:
Tenggok kausap  x3 sarta nggeget untu.

CANDRA BIRAWA:
Lempeng tengen kausap  x3, sedhakep tumungkul bumi.

PANCA SONA :
Yen minta ana tlapakan kausap  x7, sedhakep tumungkul bumi.

RAJAH KAGUNGANE PEPUNDHEN SAMBA KALACAKRA:
Yen kanggo gawe, usek-useken empek-empekmu abnjur taboken lengen tangan kiwa, kanggo ngilangake ..................................................................................................................................yen wis tumungkul bumi.

WESI KUNING;
Jawab karo pangeran, ngusap rai  x3.
Minangka gelap sayuta tangan tengen katumpangake dhengkul.

SIR WENDHA:
Yen manah, kang kapinta pangeran kodrat, ngusap dhadha  x3. Petak, neng ning.

NUR MUHAMMAD:
Ngusap rai  x5, kanggo mandheng mungsuh, anggeblek, margane petak  x7, karo kapandeng.

TITINING SEDULUR;
Sedulur 4         : ing ati tilining rasa.
Sedulur 5         : ing kebok ati,
Sedulur 7         : maras kebok.
Sedulur 9         : ing maras kebok.
Sedulur 100     : ing kebok tengen.
Sedulur 1000   : ing limpa.
Sedulur 25       : ing rempela.

Sedulur suci lan rohilapi ana ing telenging ati.
......................................................................................................................................................

AJI PETAK TRI BAWANA:
Tri bawana panyaka, manjing sabda gina, ginawa raja, lelumban sajeroning nawa harka, kang kapuja petak:
-          TUGU KENCANA
-          PETAK WASITENG BAWANA.
-          TUGU 1000

Yen ana peluru, kanon, bom, granat, jawabe minta: TIRTA SANDI, MAWA SANDI, MAOS SANDI. Panutupe minta KUL BUNTET, ngusap epek epek kapetekaken puser.
Minta sedulur rong perkara : mawa sandi iku kun.
Maos sandi : pir, parta sandi: sing nyekel, tirta sandi: iku peluru.
......................................................................................................................................................

Kamis, Juli 7

DUMUKAN


DUMUKAN 7 :
Akhad             : pulung ati.
Senen              : embun-mbunan.
Selasa              : puser.
Rebo                : selaning alis.
Kemis              : kawet.
Jum’at             : githok.
Sabtu               : bokong.
......................................................................................................................................................

S I P A T  2:
 Ha      -           embun-embunan.
Na       -           tenggok.
Ca        -           pulung ati
Ra        -           puser.
Ka       -           dhengkul.
Da       -           sikut.
Ta        -           ugel-ugel
Sa        -           gelangan sikil
Wa       -           pucuk jentikan.
La        -           ilat
Pa        -           mpripat.
Dha     -           bathuk
Ja         -           uwang.
Ya       -           kuping.
Nya     -           silit kodok
Ma       -           bokong
Ga       -           pupu.
Ba        -           lambe.
Tha      -           dubur.
Nga     -           ngusarp rai.
......................................................................................................................................................

MAKNANE DUMUKAN 20:

Ha       -           hanana urip kang satuhu
Na       -           ningna manah ira kang wening
Ca        -           cakepa piwulanging pangeran.
Ra        -           rasakna ngelmu rasa kang nyata.
Ka       -           kakekatna kang satiti
Da       -           dalil kitab pathokane
Ta        -           tamenen jroni ragamu
Sa        -           sasapana sedaya ening.
Wa       -           wadahana wulang sepuh
La        -           lelurinen leluhur ira jawa iku.
Pa        -           patrap dumuk muk inahna.
Dha     -           dhasarana sabar eling
Ja         -           jajagana mumpung isih urip.
Ya       -           yektekna warnamu kang mulya tuhu.
Nya     -           nyatakna kodrat ira iku
Ma       -           memujiya siyang ratri
Ga       -           gegulanga ngelmuning pangeran.
Ba        -           bapa, biyung kaweruhana.
Tha      -           thak-thukna supaya ketemu.
Nga     -           ngalumpukna sakabehing ngelmu rasa kang nyata.
.....................................................................................................................................................

Selasa, Juli 5

SUMPAH


Sejatine ora ana apa-apa, awit dhuk maksih awang-uwung, durung ana sawiji apa-apa, kang ana dhingin ingsun. Ora ana pangeran ananging ingsun sejatining ing asmaraningsun, amratandhani ing afngal ingsun. Sarta dalem ngunjukaken wonten ngarsa dalem Pangeran Sejati. Dalem ngunjukake sumpah, dalem ndherek ngesthi kawruh sastra jendra hayuningrat pambirating diyu, manembah ghoibing tanah Jawi, sineksenan para Jawata, para Pepundhen sedaya, sak wanci cidra kapatrapan paukuman Kodrat.

SASTRA JENDRA HAYUNINGRAT PANGRUWATING DIYU


SASTRA JENDRA HAYUNINGRAT PANGRUWATING DIYU.
.........................................................................................................................................

PANGERTOSANIPUN MEKATEN:

Sastra : Empaning kaweruh, jendra saking pangerbaning tembung harya endra = Ratu = dewa, Hayu= wilujeng = ayu =sae, rat: jagad =enggen = badan, suraosipun inggih punika: “Mustikaning kawruh ingkang kuwasa amartani ing karahayon saha katentraman lan sapanunggalanipun, dene tegesipun Pambirating utawi pangruwating diyu : inggih anglebur diyu, dene diyu punika danawa = raseksa = asura = pasemoning tembung sedaya piawon ingkang cumondhok wonten jiwa angga, sedaya pakarti kamurkan, durjana, durmala, sedaya makartining manah ingkang awon.

Mengku suraos amastani ingkang saged anyirnakaken sadya makartining piawon, ingkang saged nampi kanugrahaning Ghusti ingkang amengku jagad raya punika.
.........................................................................................................................................

SUMPAH:
Tujuanipun kita ngudi kaweruh sastra jendra hayuningrat pambirating Diyu / pangruwating diyu, inggih punika:
-          Ngudi kateguhaning badan.
-          Ngudi kaweruh kang manunggal dhateng sarira pribadi.
-          Sokong pamuji dhateng adeging pamarintah saha njaga katentremaning nagari.
......................................................................................................................................................

L a m p a h a n i p u n:
1.      Jujur.
2.      Leksana ing budi, senenga tetulung maring wong kang nandhang papa cintraka.
3.      Wani nandhang papa.
4.      Wani dadi kembang pocapaning liyan.
5.      Mituhu dhateng sarira pribadi.
6.      Wani dhateng kasutapan
7.      Sedaya punika ingkang dados pepesthining para pepundhen, saha kedhah wantun dhateng cobi.
......................................................................................................................................................

P a t r a p i n g S u j u d:
Ngleksanani patrap, yaiku: ngusap mpripat kaping telu (3)
Ngleksanani dumukan 5, yaiku:
1.      Mbun- mbunan
2.      Pulung ati.
3.      Puser
4.      Wadi
5.      Jempol suku.

Patrape, kalamun wektu esuk : madhep mangetan.
Patrape, kalamun wektu sore  : madhep mengulon.

P a n g u c a p i n g   k i t a:
(karana dipun batos, mboten dipun ucapaken)

Konjuk ngarsa dalem pangeran kita ingkang sejati, dalem nyuwun sabda, nyuwun sabdanipun Ngarsa dalem pepundhen Sang Hyang Wenanging Jagad, saha nyuwun sabdanipun pepundhen Allah purba kuwasa, saha dalem nyuwun sabda Ngarsa Dalem pepundhen Panembahan Harya Werkudara, nyuwun sabdanipun para pepundhen para jawata para kuwasa sedaya, dalem niyat sujud keblat sekawan anetepi kuwajiban kita gesang.
-          Dalem mundhi sabdanipun pepundhen kadusari, ingkang lenggah wonten keblat kilen.
-          Dalem mundhi sabdanipun pepundhen Rohillafi, ingkang lenggah wonten keblat ler.
-          Dalem mundhi sabdanipun Pepundhen Kallamollah, ingkang lenggah wonten keblat wetan.
-          Dalem mundhi sabdanipun pepundhen kaduli, ingkang lenggah wonten kidul.
-          Dalem mundhi sabdanipun pepundhen kadusari, ingkang lenggah wonten keblat kilen.

Dalem nyaosaken sembah sungkem mugi konjuk ngarsa dalem para pepundhen, para jawata, para kuwasa sedaya, dalem nyuwun sabda lebur sedaya dosa ingkang sampun dalem lampahi. Kaparingana sabda teguh rahayu wiyana, kiyata anggen dalem mundhi kawruh sastra jendra hayuningrat pambirating diyu, manembah goibing pangeran, babaring jaman wiwitan dumugi pungkasan, menangana jaman tentrem, jaman wingking, jaman ingkang badhe dumadi, kayata anggen dalem suwita ngarsa dalem goibing tanah jawi.

Banjur sungkem bumi, mangkene ature:
Konjuk ngarsa dalem ibu bumi, ibu pertiwi, eyang hanataboga, eyang narasoma.
Dalem nyaosi bekti saha angluhurake para pepundhen, para jawata para kuwasa sedaya, dalem nyuwun sabda lebur sedaya dosa ingkang sampun dalem lampahi.
Mboten langkung kaparingana teguh rahayu woyana, kiyata anggen dalem suwita ngarsa dalem goibing tanah jawi.

Banjur lenggah karo dzikir:
Ingsun urip, ingsun mati, ingsun urip, ingsun urip, ingsun dosa, ingsun dosa, ingsun lebur, ingsun dumadi x3.
-          Tentrem, tentrem, teguh rahayu wiyana x15.

S u j u d   G e d h o n g  G o i b:
(angluhuraken para pepundhen kang lenggah ana gedhong goib dhomas pari kencana, patrape madhep mojok ngidul ngetan, mangkene ature:

Konjuk ngarsa dalem pangeran kita ingkang sejati, dalem nyuwun sabdanipun para pepundhen sedaya:
Bethara Guru, bethara wisnu, bethara surya, pepundhen sang hyang manon, bethara sang hyang wenanging jagad, sang hyang girinata, pepundhen jinawi piningit, pepundhen harjuna sasrabahu, pepundhen parikesit, saha pepundhen sri sultan Herucakra.
Dalem caos bekti pepundhen ingkang lenggah ing gedhong goib dhomas pari kencana sedaya, dalem nyuwun sabda teguh Rahayu Wiyana, menangana lampah babring jaman wiwitan dumugi pungkasan, jaman aman, jaman tentrem, jaman dumadi.

KANG PENTING DILUHURAKE, BEKTINE DISUWUNI SABDA WISESA:
-          Hyang maha suci ingkang lenggah jroning dzat, dalem caos bekti saha angluhurake panjenengan, dalem nyuwun kaparingan gesang ingkang langgeng.
-          Hyang maha mulya ingkang lenggah jroning khayon, dalem nyuwun tumuwuhipun sabda wisesa.
-          Hyang maha wisesa ingkang lenggah jroning cahya, dalem nyuwun tumuwuhipun panguwasa.
-          Hyang maha kuwasa ingkang lenggah jroning Sir, dalem nyuwun tumuwuhipun cipta wening.
-          Hyang maha luhur ingkang lenggah jroning Roh, dalem nyuwun waspada pangesthi kita dhateng kautaman.
-          Hyang maha agung ingkang lenggah jroning nepsu, dalem nyuwun kababar kita krasa kang sampurna.
-          Hyang maha yekti ingkang lenggah jroning akal, dalem nyuwun kababar hawa akal kita.
-          Allah ta’ala ingkang lenggah jroning jasad, dalem nyuwun kumpuling pancadriya.
.....................................................................................................................................................

BANJUR NGLUHURAKE WIYOSANE PARA PEPUNDHEN:
(madhep gedhong goib)

Akhad Legi:
-          Eyang Gupala candra.
-          Eyang Hanantaboga.

Selasa Pon:
-          Sangat kemis kliwon.
-          Sang hyang sipat sampurna.
-          Pepundhen sri widyaningrat.

Selasa Kliwon:
-          Pepundhen pamongraga.
-          Pepundhen Surengalaga.

Kemis Kliwon:
-          Pupundhen sang hyang kusumaningrat.

Selasa Legi:
-          Pepundhen Supraba.
-          Pepundhen Dersanala.

Selasa Pahing:
-          Pepundhen Syeh Subakir.
-          Pepundhen Sri udami.
-          Pepundhen Bethara Sih.
-          Dina pasaran.

Jum’at Kliwon:
-          Pepundhen satri kesit kusuma.

Jum’at Legi:
-          Pepundhen wakhadiyat.
-          Pepundhen Sri widadi.

Jum’at Pahing:
-          Pepundhen titiningrat.
-          Mangsa sai 12.

Jum’at Pon:
-          Pepundhen Allah purba kuwasa.
-          Pepundhen sang hyang wenang.

Sabtu Legi:
-          Pepundhen cakrawangsa.
-          Pepundhen murtini
-          Pepundhen mayabadra.
-          Pepundhen bramantaka.

Selasa Pahing:
-          Pepundhen kusumaning dyah.
-          Pepundhen bathara Sri.

Sabtu Kliwon:
-          Pepundhen Windu Tahun.

Saben dinten wiyosa ingkang kasebut ing ngriki, bibar sujud sonten dipun luhuraken, sujud sonten samadi ngeblat gedhong ghoib, ingkang dipun luhuraken ingkang kagungan wiyosan.
....................................................................................................................................................