Kamis, September 22

Nyuwuk Lara Panas


Nyuwuk Lara Panas:
Sirullah, rasulullah, jupukna banyu ing awang-awang, dak gawe nambani larane panas si..........................................................................
Carane:
Yiyit cethak dirogoh (kang kither-kither) dipeletake pulung atine kang nangdhang lara.
................................................................................................................................................

SHALAT SEJATI

SHALAT SEJATI:
(Baitul-Mukharam)

Sajeroning dhadha malihe.
Sajeroning malihe kalbu.
Sajeroning kalbu jantung.
Sajeroning kantung rasa.
Sajeroning rasa eling.
Sajeroning eling sukma.
Sajeroning sukma Allah.
Sajeroning Allah Ingsun.

AGEMAN KANJENG SUSUHUNAN KALIJAGA

Sahadat SEKARAT:
Sahadat sekarat sejati, iya sahadat sekarat, wus gumanang waluya jati sirna iling mulya maring tunggal, waluya jati iya sejatining urip. Tunggal sejatining urip, urip sejatining rahsa, lan sejatining rahsa lan dzat sejatining dzat, pesthi anane langgeng tan kenaning owah.
Dzat sekarat ruh madhep ati muji maring nyawa, tansah neng dzatullah kurungan mas malesat, eling raga tan rusak sukma mulya Maha Suci.

SAHADAT PALEBURAN:
Sahadat Allah, Allah, Allah lebur badan, dadi nyawa, lebur nyawa dadi cahya, lebur cahya dadi idlafi, lebur idlafi dadi rasa, lebur rasa, dadi sirna mulih sejati, kari amungguh Allah kewala kang langgeng tan kena pati.

SAHADAT SEJATI:
Ashadu ananingsun, la ilaha rupaningsun, ilallahu Pangeraningsun, satuhune ora ana pangeran, ananing ingsun, kang badan nyawa kabeh.

SAHADAT TANPA ASHADU:
Sahadat tanpa ashadu, putih kadhuping melati, sahadat ananingsun, Muhammad eling ingsun, pangeran rasaningsun, Allah urip ingsun cipta langgeng lungguh ing puser, ya hu, ya hu,ya hu Allah.

SAHADAT SEKARAT WIWITANE PATI.
Sekarat pujine pati, maksute napas pamijile napas, keketeg meneng-meneng, iya aku sing ameneng, pati sukma badan, mulya sukma sampurna, mulih maring dzatullah, Allah kang bangsa iman, iman kang bangsa nur, nur kang bangsa Rasulullah, iya salat akbar, Muhammad takbirku, Allah pangucapku, salat jati asembahyang kalawan Allah, ora ana allah, ora ana Allah, ora ana pangeran, amung iku kawula tunggal, kang agung kinasihan.

SEHADAT SEKARATING ATI:
Ashadu ananingsun, anuduhake marga kang padhang, kang langgeng tan kenaning pati, mulya tan kawoworan, elinge tan kena lali, iya rasa iya Rasulullah, tutuga alam padhang, iya iku hakekating Rasulullah. Sirna manjing sarira ening, sirna wening tunggal idhep jumeneng lang amisesa budine, angen-angen tansah amadhep ing Pangeran.

SAHADAT PANETEP PANATA GAMA:
Sahadat Panetep panatagama, kang jumeneng ruh idlafi, kang ana teleng ati, kang dadi pancere urip, kang dadi lajere Allah, madhep marang allah iku wayanganku Ruh Muhammad, iya sejatine manusa, iya iku kang wujud sampurna, Allahuma Kun Walikun, jukat astana Allah, pan kafutullah ya hu Allah, Muhammad Rasulullah.
......................................................................................................................................................

P A N G E R T O S A N PATI


Yen tiyang badhe pejah, punika nyawa coplok pithil saking johar awal lan johar akhir, jleg ngambah segara rante, gunggring aranne.
Medal miyos dhateng bale rante inggih punika gantilane sekar pisang lajeng medal miyos mlebet dhateng bangsal pangrawit, inggih punika galer-galer dhadha. Lajeng medal miyos dhateng gedhong kuning sak kembaran, inggih punika susu kiwa lan susu tengen. Lajeng medal malih miyos mlebet dhateng Mekkah Madinah, inggih punika puser (wudel). Medal malih miyos mlebet dhateng lawang Danbin, inggih punika wadine manungsa.

Lajeng medal melih mlebet dhateng Palenggahan, worten KURSI GADHING DAMPAR KENCANA, inggih punika cethik kiwa lan cethik tengen. Mila lenggah wonten ngriku ngeningake cipta, budi kalawan angen-angen. Lajeng medal miyos Plengkung buntet, inggih punika brutune manungsa. Lajeng medal miyos dhateng Andha kencana, inggih punika iga kiwa lan iga tengen. Lajeng minggah dhateng Andha Rante, inggih punika bahu kiwa lan bahu tengen. Mila miyos mpriku amargi mirsani kelanggenganipun inggih punika Gajah lan Sima Putih.

Lajeng minggah dhateng plengkung Gading, inggih punika mayang kiwa lan mayang tengen. Lajeng minggah dhateng lawang glendhengan, inggih punila pilingan tengen. Lajeng minggah dhateng lawang Gupit sndyasana, inggih alis kiwa lan alis tengen. Lajeng minggah dhateng Gapura gedhe, inggih punika Bathuk. Manyasak rambut mencorong padha luwih padhang, sajeroning padhang katon kaya rupaku dhewe, yen mawa tanda ALIP TAMSUR, yaiku panunggalanku, yen ora mawa tandha ALIP TAMSUR, yaiku cahyane setan.
......................................................................................................................................................

KANORAGAN



Solallohu’ alaihi wassalam.
Pak kalipuk watu atos kapuk, bayu ayo padha ngandhani balung kawa ayo padha mangkat slamet nang ngarep, slamet nang mburi, slamet kang ngringake.
Ghusti Allah kula nyuwun wilujeng.
Ghusti muhammad kula nyuwun wilujeng.
Ghusti rasul kula nyuwun wilujeng.
Solallahu ‘alaihi wassalam. Nali akil malka katibin hirohman roh muka bil muka. Yen ana godha rencana billahi balekna yaaaaaa!

BISMILLAHIR ROHMANIR ROHIM.
Cutang bumi jalma nang kulit, teguha sedina suwengi iki utawa sesuk, pucuke wesi kumbayana apa sira wuruk sudi gawe, aku wis nang kene lungguhku.

BISMILLAHIR ROHMANIR ROHIM.
Wesi ireng tak jaluk gawene, namengana badan kula sedina suwengi iki utawa sesuk sak lawase.
Wesi momlang metua tak jaluk gawene, namengana badan kula sedina suwengi iki utawa sesuk lan saklawase.
Wesi kuning, wesi kuning.
Solallahu alaihi wassalam.

BISMILLAHIR ROHMANIR ROHIM.
Hong wilaheng awegena mastuti sekaring bawana langgeng.
Kalacakra aneng dhadaku, bala srewu aneng gigirku,
Braja tumama ing kulit, lebur mlrsat tanpa tumama.
Solallahu alaihi wassalam.

BISMILLAHIR ROHMANIR ROHIM.
Niyat ingsun angubah gunung waja, sirullah metuwa saking kodratullah mapan aneng epek-epek kiwa lan tengen kaya-kaya dadi kekuwatanku. Samobarang tak cekel ajur, tak antem lebur. Salamun ya.

GURU   SEJATI:
Konjuk Ngarsa Dalem Guru Sejati.
Allah hyang maha agung                    x3
Allah hyang maha rohim                     x3
Allah hyang maha adil                        x3
Allah hyang maha suci                        x3
Ngaturaken sembah nuwun dhateng Allah Hyang Maha Kuwasa, Allah hyang Maha Suci.
Nyuwung geraking Guru Sejati, yen wonten parigawe kula aturi ngunjukaken.
.....................................................................................................................................................

JIRIMAN DUMADINING MANUNGSA


Turunne Bapa Adam lan Ibu Kawa.
.....................................................................................................................................................

            Gumelaring manungsa amung ing ngalam donya iku mangkene, iku ana sambung rapete karo anane keblat papat kalima tengah, lan anane dina pasaran lima, yaiku : legi, pahing, pon, wafe lan kliwon.
            Ing sarehing cahya kang limang perkara mau terus-terusan anggone sumunar, lan anggone nganakake endhog amun-amun, kenthele endhog amun-amun mau banjur dadi ghaib. Ghaib mau pating clorot pada golek panggonan, cumloroting gaib mau banjur mencok ana ing sirahe Bapa Adam, banjur mapan ing kerat, yaiku mapan ana ing sirahing Bapa Adam, ing kono Bapa Adam banjur gawe pratanda “Keblat Wetan”, yaiku kawiwitane Bapa Adam anggone arep nurunake manungsa.
            Keblat kidul yaiku duduking karepa Bapa Adam anggone arep nurunake manungsa, keblat kulon Bapa Adam anggone padha kelon karo Ibu Kawa, anggone arep nurunake manungsa, keblat lor Bapa Adam anggone nlolorake kalam wadine marang bagane Ibu Kawa, dene keblat tengah tumetesing wiji ana jagade Ibu Kawa, anggone arep nurunake manungsa. Dene wiji kang tumetes ana jagate Ibu Kawa iku kang minangka bibit dumadining manungsa.
            Dene katerangane bab dina pasaran kang lima cacahe iku, minangka pratandha anane keblat papat kalima tengah, Bapa Adam lan Ibu Kawa anggone arep nurunake manungsa karana sih-pinasihan, dene keterangane mangkene:
            Sebab saka anane keblat wetan, isine keblat wetan iku ana: sipat jalal, sipat kamal, sipat kohar, sipat kamal, dinane pasaran legi, cahyane putih, legi neptune lima, tegese mangkene :
-          Wetan, wiwitane Bapa Adam lan Ibu Kawa anggone arep nurunake manungsa.
-          Sipat jalal, tegese Bapa Adam lan Ibu Kawa anggone padha arep nurunake manungsa padha khalale.
-          Sipat jamal:  tegese Bapa Adam lan Ibu Kawa sedaya padha arep ngemal anggone arep nurunake manungsa.
-          Sipat kamal : tegese yen dimal Bapa Adam lan Ibu Kawa ya bisa dadi manungsa, yen ora di mal ya ora dadi manungsa.
-          Sipat Kohar: tegese uripe Bapa Adam lan Ibu Kawa bakal nurunake manungsa.

Mulane ana keblat kdiul, isine kidul iku roh, akal, kalam, budi, dinane pasaran pahing, cahyane abang, pahing neptune 9 tegese mangkene:
-          Keblat kidul : tegese duduke karepe Bapa Adam lan Ibu Kawa anggone arep nurunake manungsa.
-          Roh : tegese uripe Bapa Adam lan Ibu Kawa nagoone arep nurunake manungsa.
-          Akal: tegese obahe Bapa Adam lan Ibu Kawa anggone arep nurunake manungsa.
-          Kalam : tegese ya kalam wadine Bapa Adam anggone arep nurunake manunga.
-          Budi: tegese ya obahe kalam wadine Bapa Adam anggone arep nurunake manungsa.

Dina pasaran Pahing : tgese wadine iku ana, yaiku anggone pesihan Bapa Adam lan Ibu Kawa anggone arep nurunake manungsa, paitane pancen ya kudu mangkono.
Cahya abang : yaiku kanepsone Bapa Adam lan Ibu Kawa anggone arep nurunake manungsa. Pahing neptu 9 paitane Bapa Adam lan Ibu Kawa anggone arep nurunake manungsa nganti ngetokake otot sesanga.

Keblat kulon: isine kulon iku dzat, sipat, asma, apngal, dinane pasaran iku pon, cahyane kuning, pon neptu 7, keblat kulon tegese Bapa Adam lan Ibu Kawa anggone arep nurunake manungsa, padha kawiwitan karo kelon-kelon. Dzat tegese uripe bapa adam lan Ibu Kawa, sipat : tegese ya sipate Bapa Adam lan Ibu Kawa.
-          Asma : tegese asmane (jenenge) Bapa Adam lan Ibu Kawa.
-          Apngal : tegese pakartine (panggaweyane) Bapa Adam lan Ibu Kawa ya mung nurunake manungsa.

Pasaran pon tegese Bapa Adam lan Ibu Kawa anggone nurunake manungsa kapenake kudu padha pasih-pasihan. Cahya kuning tegese Bapa Adam lan Ibu Kawa anggone padha nurunake manungsa padha pepasihan ngeningake cipta wong sakloron. Pon neptu 7 tegese Bapa Adam lan Ibu Kawa anggone arep nurunake manungsa padha ngetok kekuwatan ngetokake arep nurunake manungsa padha ngetok kekuwatan Bayu Pitu.

Bab keblat Lor isine keblat lor iku patang perkara, yaiku: Wujud, ilmu, Nur, Suhud, dene dinane pasaran yaiku Wage, cahyane ireng neptune 4, dene tegese keblat lor Bapa Adam anggone arep nurunake manungsa, kalam wadine nlolor wujud, tegese wujude Bapa Adam lan Ibu Kawa anggone arep nurunake manungsa.
Ilmu tegese ragane Bapa Adam lan Ibu Kawa anggone arep nurunake manungsa. Nur tegese banyu kang ditibakake sala kalam wadine Bapa Adam. Suhud tegese uriping banyu mani, ya banyu panguripan saka gaib kang tumetes saka kalam wadine Bapa Adam kang dadi uriping manungsa. Dina pasaran wage tegeese wekasaning dumadi manungsa Bapa Adam lan Ibu Kawa anggone arep nurunake manungsa kudu padha pepasihan.
            Wage neptu 4 tegese dumadining manungsa Bapa Adam lan Ibu Kawa anggone nurunake manungsa kudu pada peped-pepedan. Kang ana keratoon ngisor, iya keraton betal mukhadas, akng angratoni patang perkara, yaiku : wadi, madi, mani, lan maningkem.
            Dene tegese kang patang perkata iku mangkene: rasa wadi yaiku tasa isin, rasa madi yaiku tasa was samar, lan kuwatir, tasa mani yaiku sejatining rasa kepenak, dene rasa maningkem yaiku tasa urip.
            Si jabang bayi mau bareng wis antara suwe ana ing jaba kena soroting cahya kang limang perkara, yaiku soroting awang-uwung, soroting lintang, soroting rembulan, soroting srengenge, lan soroting bumi, gerake utawa obahe saya banter lan saya rosa.
            Soroting cahya kang limang perkara mau kang diarani TAPEL ADAM, tapel mau saya suwe saya kandel, bekakase pancadriya si jabang bayi mau banjur kabuka.
            Mulane banjjur sok ana pitakonan, apa sebabe bayi iku wis duwe cangkem ditakoni kok ora nyauri (mangsuli), duwe kuping ditakoni ora ngrungokake, duwe mpripat arep didumuk kak ya ora kedhep, duwe irung diamboni ganda kang ora enak kok ya meneng wae.
            Sebabe bekakas pancadriya jabang bayi durung kabukak, bareng wis kabukak, tutuk bisa ngoceh akeh, irung panggandane saya adoh, mripat pandulune saya adoh, pamireng pangrungune saya adoh, lan saya kandel tapele Adam, dadi sabanjure kena dienggo nyatheti rerupam, swara, panggandha, lan nyateti pepanganan kang enak lan kang ora enak.
            Cathetan saya akeh suwe-suwe banjur bisa tata jama kaya manungsa liyane kang wis suwe tumitah ana ing ngalam donya.
....................................................................................................................................................

Nyuwuk Bocah Morah


NYUWUK BOCAH MORAH.
Kembang barayut, wohe barijut, ombake segara kidul, lela-lela nglela pancere nyawa. Oneng-oneng anake mbok dewi oneng, ana sawan dudu sawan, ana sirep dudu sirep, cep meneng tangise si jabang bayi lela-lela dhengung, lela-lela dhengung, ngalela si gombak karo kuncung, wis menenga biyung thole lagi nang kali, masuh popok, kapethuk wong ngyangking beruk cangkeme bolong.
.....................................................................................................................................................

TUNGGU PEDARINGAN


Bismillahir Rohmanir Rohim.
Al-fatikhah                  x 3
Kulhu                          x 3
Lailahailallah               x 32

Pahing eling, legi dadi, pon melu, wage teka mrene, kliwon Pak baya sira tangiya, ana parigawe. Ana parigawe apa ta? Jabang bayine..........................njaluk tulung arep nekakake dhayuhe, kang saka wetan, lor, kulon, kidul, tekakna mrene. Tara- tara gendamku sembrandana, situlung ela-ela, yen aku isih cilik, layang –layang nang jagad wetan, ora ngambah lemah, ora dhat boreh,ora mangan sega, mesthi luput guna wiyasaku, yen aku isih cilayang-layang nang jagad wetan, ngambah lemah, dhadhah boreh, ngombe wedang, mangan sega, mesthi kena guna wiyasaku.

BISMILLAHIR ROHMANIR ROHIM.
Mbok dewi sri kula inggahaken dhateng gedhong pajimatan, lungguha sing pantes, sing dhemes, aja lunga-lunga, yen ora taak jukuk aku wakil.....................................yen tak jukuk 10kg. Tak nalekake 20kg. Bisowa cukup aja ngantek kurang ya.........................!
Bismillahir rohmanir rohim.
Kyai ripu nyai ripu kang dhedhepok aneng pawon, kula nyuwun rejeki mbok dewi sri, kangge nglandosi sadereke............................................................... saking keblat sekawan (papat). Sageda cekap sampun ngatos kirang.

BISMILLAHIR ROHMANIR ROHIM.
Ngundang jim peri setan prayangan sing manggon nang ngendi-endi batak jaluk gawemu, manggona neng kene, aja lunga-lunga tak sajeni, aja liyane.

Lakune: kena mangan nanging kudu mlaku ora kena mandheg sajeroning sedina sawengi.

Sajen ing pedaringan:
Bismillahir rohmanir rohim.
Go gamane Allah, dzat kang rusak ilang ragane kabeh. Labete tan kena keri, dzat kang tanpa kumpulan, kahanane ora ana, ya ingsun sejati ora ana apa-apa.
Nyuwun berkah panembahan senapati kang jumeneng ing ngayogyakarta matar kyai wiji nyai wiji, kyai lurah badranaya, kula nyuwun berkah, nyuwun dhawah sampun dhawahaken ing ngriki, samang dhawahaken sak pos pesa utah-utah gilingan panas, usah-usah jinantra panas, jeplak mendhung lunga. Usek-usek gilingan panas, jeplak mendhung ilang. Si kaki negor gedhang, kepanelas kontholing Gowang.

Lakune: pasa mutih 3 dina, yen mlaku kudanan ora kena ngeyub, kajaba yen ana rewangane mlaku.
....................................................................................................................................................

Minggu, September 11

KATERANGAN PAGAWEYANE SANG TRI MURTI


           
            Urip telung perkata ananing manungsa bisa turu, ngantuk, mulet, ngimpi, nglindur lan katindhihen iku ora liya yo mung pagaweyane urip telung perkata iku mau, yaiku: Pagaweyane Allah, Muhammad lan rosul, katerangane mangkene:
            Yen ngantuk, karep mudhun kumpul karo si urip, mulane kok diarani ngantuk iku sejatine “ ngentuk”, dadi si karep mau kepengein kepethuk karo si urip. Mulane wong ngantuk iku kepenak, jalaran karep kumpul karo bojone yaiku si urip, mulane rasa kepenak. La yen tasa mau dituruti munggah ing keratoh tengan banjur turu, iku saya kepenak banget, mulane wong turu iku ora ana kang sambat lara, jalaran rasane ya mung kepenak, yen ana wong turu banjur sambat “waduh larane”, iku kena diarani wong kang ora genep utawa wong edan.
            Dene wong turu iku ora ana kang turu, karep ora turu, rasa ora turu, urip ora turu, dadi mung urip ora turu dadi mung kumpul, yen wong ngimpi weruh alas, gunung, lan kekayon okeh, iku soroting cahya kang telung perkara nylorot munggah, dene yen ngimpi weruh barang kang apik-apik utawa neng kutha-kutha papan prameyan, iku telung perkara sorote mung nylorot neng keraton tengah bae. Dene yen ngimpi weruh kang ora-ora utawa weruh lapangan kang akeh sukete, soroting cahya kang telung perkara mau nyorot metu mejaba-jaba, ya nyoroti badan wadhag.

Dene yen wong turu bisa katindhihen sirasa ginggang karo urip, mulane bekah-bekah, jalaran rasane ora kepenak lan ora kaseksen karo si karep.
            Dene yen wong turu sok ngomel utawa nglindur, sikarep kang ginggang karo si urip, dadi ora kaseksen karo rasa, mulane wedine dhewe di ucapake, jalaran ora krasa yen iku wadi. Banjur badane wong kang turu karo wong kang semaput iku mangkene: yen turu sirasa munggah, si karep mudhun, utawa si karep mudhun dhisik, banjur rasa nututi munggah.
            Dene yen semaput rasa lan karep kumpule bareng, mulane wong semaput iku uga ora sambat lara, jalaran wong kang semaput iku kepenak banget. Mulane banjur andhrodhog lan kringeten, jalaran kepenak banget, dene wong mulet (ngulet) iku tasa, urip, karep, mung nyetrum, mulane tasane mak pet, dadi anggone kumpul mau supaya eling maneh.
......................................................................................................................................................

BAB PANGKUTAN PATI



            Ing sarehing manungsa dititahake ana ing alam donya iku diarani dilahirke. Mesthi ana kosok baline, yaiku lahir kosok baline pati, utawa tembung kang liyane digelat kosok baline digulung.
            Ing sarehning nalika anggelare nalika semana iku nganggo dina pasaran lima, dene panggulune nganggo dina 7, tekane nganggo sebab, lunggane (baline) ya nganggo sabab, dene mau warna-warna dalane.
            Bab margane pati ing kene ora perlu diterangake marang para sedulur, sebab para sedulur mesthi wis padha ngerti dhewe-dhewe. Jalaran sebabing pari iku warna-warna.
            Tekane manungsa iku ngliwati alam papat (4), lungane ngliwati alam 7. Tegese dumadining manungsa nglewati alam papat, Bapa lan Biyung ngalami seneng. Jalatan padha weruhe rerupan kang becik, padha krungu swara kang becik, padha duwe panggandha kang enak lan wangi, utawa seger lan padha duwe pangucap kang kepenak sekarone. Jalaran yen ora kaya mangkono ora bakal kedeyan anggone nurunake anak.
            Dene tegese lungane ngliwati alam 7, manungsa bakal nglakoni putus lelakone urip, dene alam 7 iku padha karo dina 7, dene jenenge alam pitu, yaiku:
1.      A k h a d i y a t.
2.      W a h d a t.
3.      W a k h i d i y a t.
4.      A r w a h.
5.      M i n g s a l.
6.      A j e s a n.
7.      I n s a n   K a m i l.

Dene lungguhe dina 7 iku mangkene:
Dina Sabtu      : Lungguhe ana ing jempolan sikil kiwa.
Dina Rebo       : Lungguhe ana ing kentol sikil kiwa
Dina Selasa     : Lungguhe ana ing pupu kiwa.
Dina Kemis     : Lungguhe ana ing puser.
Dina Jum’at     : Lungguhe ana ing dhadha.
Dina Akhad    : Lungguhe ana ing tenggok.
Dina Senen      : Lungguhe ana ing mbun-mbunan.

            Mulane ing ngarep wis diterangake, yen anggelare manungsa nganggo dina pasaran, dene pasara, anggulune nganggo dina pitu. Dene yen wong arep mati kang krasa dhisik iku mesthi pempolan sikil kiwa, mulane diarani alam Akhadiyat tegese arep ngangkat daya, munggah maneh menyang alam wahdat, yaiku munggah menyang kenthol kiwa, tegese owahe wahyu panguripan, munggah maneh menyang ngalam wakhidiyat, yaiku munggah menyang pupu kang kiwa, tegese alam wakhidiyat, yaiku munggah menyang pupu kang kiwa, tegese alam wakhadiyat pancen wis teka wangkite daya urip arep bali, munggah maneh menyang alam arwah, yaiku munggah menyang puser, tegese alam arwah, wis arep ninggal patilasan-patilasan (panggonan) munggah maneh menyang alam mingsal, yaiku munggah menyang dhadha, tegese alam mingsal wis arep bali menyang asal-usule, asal sijibali menyang siji, munggah maneh menyang alam A’j esan yaiku munggah menyang tenggok tegese alam A’j esan wis putusan anggone ngringkes- ngringkesi kabeh.
            Munggah maneh menyang alam insan Kamil, yaiku munggah menyang plawangan, yaiku ing mbun-mbunan, tegese alam Insan Kamil ya wis mbukak lawang Suwarga budhal metu saka panggonan bali menyang kamuksan jati, yaiku bali menyang Suwarga kang nyata, mulane para sedulur yen anggoleki suwarga aja mbesuk, nanging golekana saiki, yen anggone nggoleki iku mbesuk, yen anggone nggoleku iku mbesuk ora bakal bisa kelakon ketemu suwarga.
......................................................................................................................................................

KETERANGAN NALIKA ANA ING ALAM MINGSAL


            Tegese alam mingsal iku isih urip wis arep bali menyang asale, mulane yen wis ana ing dhadha, rasa, urip, karep, ngumpul dadi siji, banjur padha musyawarah, sawise setuju perundhingane, si rasa ngukud anggotane patang perkara, yaiku : wadi, madi, mani, maningkem pada sumurup manjing marang rasul, manjung dadi sawiji karo rasul, tembunge kasar “diuntal” yaiku rasa patang perkara diuntal karo rosul.
            Muhammad uga ngukud bakakasane alam papat sak isine yaiku : kanepson patang perkara aluwamah, amarah, supiyah, lan mutmainah. Alam laut, malakut, jabarut, nasut, uga digulung dadi siji, ya sinurupan sumurup menyang Muhammad.
            Dene Allah uga ngukud Imam papat: Imam sufingi, Hanafi, hambali, Maliki, lan malaikat papat : Jibril, Isropil, Mikail, lan ngijroil, digulung dadi siji uga manjing dadi siji maring Allah kabeh.
            Bab telung perkara ing nduwur mau sawise padha ngukudi anggotane banjur Muhammad mudhun, Rasul nugmpul munggah ngumpul munggah dadi siji karo Allah, Muhammad lan Rosul mau banjur manjing dadi siji di kukud dening Allah.
            Bareng Allah wis ngringkes Muhammad lan Rasul, Allah mau abnjur wis ora aran Allah maneh, nanging banjur jumeneng Gaib. Bareng Allah wis jumeneng gaib munggah menyang alam Aj’ esan, si gaib munggah maneh menyang tenggok, tegese alam Aj’ esan, sigaib munggah menyang alam Insan Kamil, gaib ngengakake lawang sela panangkep, metu saka lawang bali menyang jaman kelanggengan, ya mulih menyang KAMUKSAN JATI.
            Dene dina pitu mau, yen aknggo ngukud keterangane mangkene: dina sabtu papane ana ing jempolan sikil kiwa, dina rebo papane ana ing kentol kiwa, selasa papane ana ing pupu kiwa, kemis papane ana ing puser, jum’at papane ana ing dhadha, akhad papane ana ing gulu, dina senen papane ana ing mbun-mbunan.

KUKUTANING PATI NGANGGO DINA PITU:


            Yen wong arep mati iku kang krasa dhisik mesthi jempolan sikil kang kiwa, yaiku nglewati dina setu, tegese dina setu wadine anggone metu saka panggonan munggah ngliwati dina rebo, tegese dina rebo ana rasa sirep, anggone areo mlebu, munggah maneh ngliwati dina selasa, ya munggah menyang pupu kiwa, tegese dina selasa si urip wis arep mulih menyang papan kang sela, munggah maneh menyang dinakemis, sakebehing anggota wis arep digulung lan diingkemi, diringkes dadi siji.
            Munggah maneh menyang dina Jum’at, ya munggah menyang dhadha, tegese dina Jum’at, sang sri murti wis padha jumbuh dadi siji pada musyawarah, si Muhammad wis rampung anggone anggulung Pancadriya, wis surup sinurupan, amnjing dadi siji, manjing menyang Muhammad. Tasa uga wis ngukud ( ngringkes) anggota patang perkara, yaiku: wadi, madi, mani, maningkem diringkes dadi siji. Mulane wing mati iku wis ora duwe rasa wedi, uwas, samar lan kuwatir, wis bebas jalaran rasa wis digulung.
            Dene Allah uga wis ngukud (ngringkes) imam papat: imam sufingi, imam hanadi, imam khambali lan imam maliki, wis diringkes dadi siji manhing marang Allah. Malaikat jibril, isropil, mikalil lan ngijrail dikukud surup sinurupan manjing dadi siji sumurup marang Allah.
            Sawise telung perkara mau wis padha ngukudi anggotane, si Rasa nusul munggah, muhammad mudhun manjing dadi siji karo Allah. Bareng wis dadi siji, allah mau ora aran Allah, nanging banjur aran Ghaib. Ing sarehning telu mau asale mung siji mulane ya diringkes pulih dadi siji maneh, pancen asale saka Gaib bali dadi ghaib maneh.
            Sawise mangkono sang Gaib mau munggah mebyang dina Akhad, ya munggah menyang nggok-nggokan ya menyang gulu, tegese dina akhad si gaib wis atep mangkat bali ngungak lawang sela panangkep arap budhal bali menyang Jaman Kalanggengan.
            Gaib munggah meneh menyang dina senen, ya munggah menyang mbun-mbunan, tegese dina senen gaib wis bali menyang Alam seneng, ya bali menyang alam kalanggengan kang wos ora owah gingsir ya iku jaman kamuksan jati.
......................................................................................................................................................

PANITISAN


KATERANGAN BAB SUWARGA SEPULUH WARNA:
(yaiku kang diarani panitisan).

1.      Suwarga pirdus:
Iki wong mati kang yitmane nglambrang tanpa pencokan, embuh dadine mbesuk.
2.      Suwarga Pirdos:
Iki wong mati kang yotmare nitis ing kewan kang mawa butut, kayata : kebo, sapi, jaran, kebo, wedhus, asu, celeng, tikus, kucing, gajah lan liya liyane rupa kewan kang mawa buntut.
3.      Suwarga Loka:
Iki wong mati kang yitmane nitis ana kewan kang anggremet ana ing bumi, kayata : uret, cacing, luwing, kadal, nyambik, lan liyaliyane.
4.      Suwarga bumi loka:
Iki wong mati kang yitmane nitis ana ing kewan kang ana sak jeroning bumi, kayata: uret, cacing, rayap, lan liya-liyane.
5.      Suwarga bandhang: iki wong mati kang yitmane ana ing kewan kang mawa suwiwi, kayata: manuk, ayam, banyak, enthok, bebek, lan liya-liyane.
6.      Suwarga pohon
Ing mati kang yitmane nitis menyang kewan kang ana sak jeroning kekayon, kayata: uler kang ana ing sajeroning woh wohan, uler kang ana sajeroning kekayon lan liya-liyane.
7.      Suwarga seluman:
Iki wong mati kang nyitmane nitis manjing marang: jim, dhemit, setan, peri prayangan.
8.      Suwarga sileman:
Iki wong mati kang yitmane nitis ana ing kewan kang ana ing sajeroning banyu.
9.      Suwarga angin:
Iki wong mati kang yitmane nitis menyang mendhung, pedhut, lesus, mega lan liya-liyane.
10.  Suwarga Kabur:
Iki wong mati kang yitmane nitis menyang Jim saleh utawa dhemit kang tunggu kuburan, sok dadi dhemit jail tukang ngganggu anak putu.
..........................................................................................................................................

WONG MATI


1.      Keterangan wong mati dibungkus mori:
Iku mbalekake ing nalika lahire dibungkus karo bungkuse
2.      Wong mati dipasangi kapas lan cendana.
Tegese kanggo nutupi bolongan songo, ing sarehning lawange wos ora dienggo liwat, mula syarate kudu ditutupi. Cendhana tegese wis ora ana kang liwat.
3.      Wong mati ditali telu:
Tegese wis telas nyawane.
4.      Wong mati dipathoki loro:
Tegese jumbuhing kawula lan ghusti utawa sampurnaning sahadat kalimah loro.
5.      Wong mati dislameti:
Katerangane mangkene: jalaran ing nalika lahire uga dislameti.
6.      Wong mati dipendhem:
Mulane dipendhem jalaran asale ora katon ya kudu bali ora katon, asale saka bumi kudu bali menyang bumi.
7.      Wong mati dislameti geblage: ambalekake nalika lahir wong tuwane ya geblak, lahire bayi uge geblak, tegese anggone weruh padhang hawa.